Langganan

Aja Gampang Ngumbar Nepsu

by Ahmad Hartanto Jibi Solopos  - Espos.id Jagad-jawa  -  Kamis, 19 Juli 2012 - 09:06 WIB

ESPOS.ID - Nalika Pasa akeh wong kang padha turon ing Mesjid Agung Solo (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Sasi Pasa menehi berkah marang warga bebrayan, ora gur wong sing pasa, nanging uga sodagar kang dodolan maneka jinis panganan utawa busana. Ing sisih liya, Sasi Pasa kang kudune dadi wektu kang trep kanggo meper hawa nepsu malah padha akeh-akehan blanja barang. “Hawa nepsu sing angel dikendhalekake yakuwi nepsu blanja. Sing sasi sakdurunge pasa ora blanja, ing Sasi Pasa malah luwih akeh blanjane, kuwi kuwalikane karo sipat sing dicontokake Nabi, yakuwi nestiti lan ngati-ati, prasaja” ujare  Pangarsa PSPI (Pusat Studi Peradaban Islam), Arif Wibowo, Selasa (17/7).

Advertisement

Saliyane kuwi, sasi kang suci malah ora sithik kang dadi salah kaprah. Tumindake para generasi mudha ora nggambarake lan ngurmati Sasi Pasa. Upamane salah sijine budaya ngabuburit kang dadi papan panggonan kanggo ngumbar hawa nepsu, yakuwi mripat. Nalika ngabuburit, padha nganggo klambi kang ora pas lan pantes. “Empan papan panggonan, pasa malah padha ngumbar hawa nepsu. Supaya ora kalah karo hawa nepsu, kudu duwe jurus, yaiku ing wektu-wektu kang longgar lan sempet digunakake kanggo ngibadah. Nalika sakbubare tarweh, ora dolan ing mall kanggo blanja utawa shopping, nanging bisa diisi kanthi tadarus Alquran. Awan nalika panas-panas lan ngelak bisa ditambahi ngibadah marang Gusti kang Maha Kuwasa, ora ngadhem ing mall. Jalaran ing mall akeh panggodane,” ujare.

Supaya bisa slamet lan bisa njupuk piguna saka sasi kang suci kuwi, mula wong Islam kudu dhisiplin ing ngibadah lan dhisiplin jroning meper hawa nepsu. Piranti kang prelu disiapake ing Sasi Pasa yakuwi ati lan ikhlas. Pasa kuwi kanggo meper hawa nepsu, nalika ati durung bisa ikhlas, pasane bakal muspra, ora kanggo. Nalika ati wus ikhlas ing Sasi Pasa, bakal antuk hikmah kang gedhe.

Advertisement

Sasi pasa uga bisa dadi wektu kang trep tumrap para panguwasa lan pemimpin ing Indonesia kanggo njejegake laku lan tumindake. Ora nggumunake maneh, akeh panguwasa kang duwe sipat ala, seneng korupsi utawa nyolong dhuwite rakyat. Mula, ing Pasa iki sipat ala kaya ngono kuwi bisa dikendhalekake. Bab iku dadi salah sijine wujud meper hawa nepsu, yaiku nepsu nyolong darbeking liyan. Panguwasa kang duwe kapribaden kang becik, kagolong wong apik, saengga bisa nglestarekake lan gawe makmure masarakat.

Kosok baline, yen panguwasa ing Indonesia iku isih padha nguja hawa nepsu, kamurkan, sipat nyolong, umuk, bakal dadi tandha rusake Indonesia. Watake panguwasa utawa rakyat kang dikuwasani hawa nepsu brangasan, umuk, cethil, iku tansah kumawasa, kepengin sing paling apik lan pinunjul dhewe. Supaya ora kalah perang karo hawa nepsu, Gusti Maha Kuwasa sejatine wus nyedhiyakake ubarampe, yakuwi akal budi manungsa. Akal budi kasebut ora diparingake marang titah liyane.

Advertisement

Mula akal budi bisa dadi sanjata kanggo nglawan hawa nepsu. Nanging nalika duwe akal budi lan tumindake isih ala, manungsa kasebut luwih ala lan luwih asor tinimbang kewan, sebabe kewan ora diwenehi akal budi. Mula lumrah yen ana sing ngomong, siji-sijinya titah ing donya kang ora prelu alesan mateni titah liyane yakuwi manungsa.

Advertisement
Is Ariyanto - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Kata Kunci : Ngumbar Nepsu Gampang
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif