Langganan

Basa Jawa jroning urip padinan

by Redaksi  - Espos.id Jagad-jawa  -  Selasa, 1 November 2011 - 16:25 WIB

ESPOS.ID - Ilustrasi

Nganti saiki basa Jawa isih nduweni kalungguhan kang wigati tumrap masarakat Jawa. Bab iku bisa disawang saka carane nggunakake basa Jawa sing ora awates minangka sarana omongan jroning pasrawungan lan adicara resmi, upamane kanggo purwaka basane medhia massa, jroning papan pawiyatan lan upacara tradhisi. Saliyane kuwi, basa Jawa uga kanggo wahana ngleluri kabudayan Jawa, kalebu kasenian Jawa.

Mangkono pratelane Widada Hadisaputra saka Balai Bahasa Jateng nalika medhar andharan ing UNS Solo, sawetara wektu kapungkur. Miturut piyambake, basa Jawa dadi basa padinane masarakat Jawa jroning kegiyatan dagang, pamulangan, seni sastra lan maneka warna kegiyatan agama, kayata kotbah, ndonga lan pangajian.

Advertisement

“Mula jroning basa Jawa ditepungi ana maneka warna ragam basa kayata dialek lan unggah-ungguh. Dialek kang ana sajrone basa Jawa nglimputi dialek geografi lan dialek sosial,” piterange.

Dialek geografi iku contone dialek Banyumas, dialek Ngayogjakarta, Solo, Tegal lan sapiturute. Dene ragam basa kang ana antarane basa santai, basa resmi, basa sastra lan sapanunggalane. Tuwuhe ragam basa iku jalaran carane nggunakake basa Jawa antarane siji lan sijine ora padha. Ragam basa resmi, upamane basa Jawa kang digunakake minangka basa baku jroning kegiyatan ing masarakat sing asipat resmi. Contone basa Jawa kang asipat resmi antarane jroning adicara pangajian, ningkahan, musarawah desa lan liya-liyane.

Advertisement

Selaras karo kalungguhane minangka basa dhaerah, basa Jawa dadi sarana omongan jroning masarakat Jawa. Bab iku bisa disawang saka carane nggunakake basa Jawa jroning maneka warna kegiyatane masarakat Jawa. Yaiku jroning pasrawungan padinan, jroning jagad pamulangan, medhia massa lan luwih-luwih jroning jagad seni pagelaran tradhisional kayata wayang, ludruk, kethoprak lan sapiturute.

Dene kawicaksanane pamarentah kang nguwajibake jagad pamulangan ing Indonesia kudu nggunakake basa Indonesia, miturut Widada, ana pangaruhe kang kurang becik marang uripe basa dhaerah.

Advertisement

“Kawicaksanan kang kaya ngono kuwi, amung ngolehake basa Indonesia kanggo sarana memulang siswa ing njero kelas, bisa njalari tuwuhe rasa mindher utawa kurang aweh kawigaten marang basa dhaerahe dhewe.

Damar Sri Prakoso

Advertisement
R. Bambang Aris Sasangka - journalist, history and military enthusiast, journalist competency assessor and trainer
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif