Langganan

Basa Jawa tansaya ditinggalake

by Redaksi  - Espos.id Jagad-jawa  -  Jumat, 23 Desember 2011 - 10:51 WIB

ESPOS.ID - Para siswa lagi sinau (HARIAN JOGJA)

Bebarengan kalawan pengetan Hari Ibu kang dipengeti Kemis Wage (22/12), Perpustakaan Desa Banjararum, Kecamatan Kalibawang, dina Slasa Paing (20/12) ngadani lomba sesorah utawa pidato nganggo Basa Jawa. Ananging kang banget mrihatinake, tekan wektu kang ditemtokake, mung ana siji warga kang melu ing lomba iki.

Advertisement

Banget nguciwakake. Basa Jawa kang dianggep dadi basa kang paling sampurna, kayadene wus ditinggalake dening masyarakat. Bab iki mono mbokmenawa uga bisa dadi gegambaran kahanane Basa Jawa ing wektu sakiki.

“Banget mrihatinake. Bab iki mono bisa nggambarake menawa kahanane Basa Jawa wektu sakiki kurang dilestarekake dening warga,” ngono ngendhikane Sukardal, Kepala Perpustakaan Desa Banjararum, nalika ditemoni Harian Jogja, ing saksela-selane ngadani lomba sesorah Basa Jawa.

Advertisement

Sukardal ngrasa banget prihatin ngenani Basa Jawa kang wus wiwit ditinggalake dening wong Jawa dhewe. Bab iki mono bisa dipirsani ing sakdengah papan. Wektu sakiki, akeh wong tuwa kang luwih seneng ngajari utawa mulang putra-putrine nganggo Basa Indonesia lan basa Inggris, tinimbang ngajarake Basa Jawa. Merga saka iki, ora mokal yen wektu sakiki, ing urip padinan, akeh bocah kang luwih bisa micara nganggo basa Inggris tinimbang basane dhewe, yaiku Basa Jawa.

Kamangka, Basa Jawa mono ora mung mligi ngajarake basa, ananging uga ngajarake tata krama basa kang tundhone bisa mbentuk kapribadene bangsa.“Ing Basa Jawa, awake dhewe diajari kepiye tata carane micara kalawan wong kang luwih enom lan kang luwih sepuh. Iki mono uga bisa ngajarake tata cara pakurmatan marang pawongan kang luwih sepuh,” ngendhikane Sukardal.

Advertisement

Ngenani lomba pidato kang diadani kanti irah-irahan remen maos kang tegese seneng maca, Sukardal ngendhika menawa lomba iku uga nduweni ancas supaya kabeh masyarakat tansaya seneng maca, kang tundhone uga bisa mbukak wawasan kang luwih jembar.

Salah sawijine pamong perpustakaan, Pradita, ngendhika, sakliyane ngadani lomba pidato kanggo para wiranom, perpustakaan uga ngadani lomba nggawe sinopsis utawa ngringkes crita kang nate diwaca kanggone bocah-bocah, lan uga lomba masak kanggo para ibu. Ing lomba nulis sinopsis, akeh bocah kang melu, kayadene siswa-siswa saka SDN Dekso II, SD Marsudirini, SDN Blumbang lan SDN Mejing. “Kabeh bocah kang melu, diwenehi wacan, lan sakbanjure dikon nulis ringkesane crita kang diwaca,” ngono ngendhikane Pradita.

Lan ing lomba masak, ibu-ibu kang melu kudu nggawe panganan kang asale dudu saka beras. Bab iki mono ngemu karep supaya warga prigel nggawe panganan sakliyane saka beras, kang saktemene akeh cumawis ing kiwa tengen omah.

(Juru Warta Harian Jogja/Nina Atmasari)

Advertisement
Harian Jogja - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Kata Kunci : Basa Jawa Sinau Hari Ibu
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif