Langganan

Cerkak Rante Asmara

by Abednego Afriadi  - Espos.id Jagad-jawa  -  Minggu, 21 November 2021 - 22:45 WIB

ESPOS.ID - More than just publish.

Mula kok mandheg njegegreg, mung kenalpote wae sing nggereng-nggereng. Jebul rantene pedhot. Kojur tenan!!!

Aku wis krasa nalika arep budhal saka Sala. Kaya ana firasat yen kudu cumepak kunci inggris lan sapiturute ana ing njero tas ransel. Mula rante sing pedhot mau bisa tak upakara nganti bisa kepasang maneh.

Advertisement

Nanging ing satengah-tengahe masang rante, ana wong mandheg karo gleyar-gleyer montore. Mripate mentheleng, lambene mencab-menceb kaya ameh idu neng ngarepku. Saka mripate sing kaya kulit melinjo kematengen kuwi wis bisa dak bethek, yen wong gedhe dhuwur iku mau mesti bubar ngebyar ndem ndeman.

"Wooo...montor bosok wae dienggo Leee...Lee!!!" ngono kuwi ujare karo nyemburake abab sing ambune kaya tape ketan lan permen karet.

"Ambumu kaya cem-ceman stagen," semaurku.

"Ooo...Rupamu kaya kanebo garing!!!"

"Ya ben, timbang raimu, kaya besek keplenet!!!!"

"Mripatmu...kaya cilok kakehan saos!!!"

"Halah..halah..halah....tatomu kaya gudhik. Awak ireng njanges kaya ngono kok tatoan. Kuwi ki jane gudhik utawa bolot kasep?"

Advertisement

"Lha njalukmu piye?"

Dheweke ora trima, banjur mudhun saka montor.

"Lha rumangsamu aku wedi?" ujarku karo ngadeg lan nyangking kunci inggris. Lagi kunci iki dak angkat, dheweke wis keconthalan kaya kethek ketulup, mencolot menyang sedhel, nyetater montor, lan ngebut monthang-manthing sakayange.

"Ooooo...Jirih!!! Karo kunci inggris wae Wedi!!! Kaya ngono kok ngakune gali!!!"

**

Aku dhewe ora ngira yen bakal ngalami kedadeyan sing paling gawe atiku mangkel. Sadurunge montor iki pedhot rantene, mesine mau wis mbrebet-mbrebet, mlakune uga nyendhal-nyendhal kaya jaran didudut buntute. Jebul busine wis ngupil nganti pengapian mesin ora bisa lancar.

Mesine pancen bisa urip maneh nalika dak setater watara limang menit suwene. Nanging lagi dak gas sepisanan wae kenalpote wis mbrebat-mbrebet maneh. Kaburasine dak bongkar lan dak umbah nganggo bensin, montor iki lagi bisa urip maneh mesine.

Advertisement

Anggonku lila nglakoni kaya ngono kuwi kanggo sapa saliyane Dhik Manggis, sing mbiyen wis tau dak tambani larane.

Ora amarga mbagusi, nanging kasunyatane sajroning lara njaba njerone, ya mung aku sing bisa nambani.

***

"Sapa Kowe??? Lethek, ledhis, prengus. Mesti ora tau kramas, ora tau Adus. Minggata kana!!! Minggatttt!!!"

"Sabar ya Le!!! Bu Lik mung bisa njaluk tulung marang awakmu!! Tulung sing sabar!!" ujare Bu Lik.

Nembe sepisanan iki aku meruhi Dhik Manggis sauwise pindahan omah, amarga Bapak dines ana ing Salatiga. Suwe ora ketemu, ketemu pisan wae wis mangan ati. Ditundhung minggat sisan, dhuhh....sabar...

Pancen beda banget. Ora kaya sepuluh taun kepungkur, nalika isih SMP kelas telu. Ayu menis-menis. Apa maneh yen wayah esuk mangkat sekolah, katon seger semilak tanpa benges lan celak. Alise wis kandel seger kaya uler. Sinome sing ana sadhuwure bathuk kuwi katon mriyayeni. Ya, sewelas rolas lah antarane kaya Dhik Dian Sastro lan Prisia Nasution.

Advertisement

Lha wong isih SMP wae wis katon ayu kaya ngono, apa maneh yen wis SMA, kuliyah. Genah luwih brai. Nanging saiki kahanane sansaya gawe prihatin. Raine pucet, rambute awut-awutan, awake nglempreg lan kuru garing.

Anggonku teka neng Kutha Sala iki amarga Bu Lik sambat babagan kahanane Dhik Manggis sing ora uwis-uwis. Malah njaluk tulung supayane aku gelem ngewangi njaga Dhik Manggis.

“Ragane Bu Lik wis ora kuwat Le, yen kahanane adhimu isih kaya ngene,” ngendikane Bu Lik nalika aku tekan omahe Bu Lik.

Banjur aku kelingan piwelinge Ibu sadurunge aku mangkat saka Salatiga.

"Mumpung kowe durung kerja maneh. Ya wis, ngamal wae ngewangi Bu Lik, Le. Saiki sapa maneh saliyane awakmu, Le. Kabeh sedulur-sedulur cedhak pada ora saguh. Sanadyan awakmu karo Manggis iku mung tunggal canggah, nanging Bu Likmu iku sing bisa nulungi ibumu iki rikala nglairake awakmu. Coba yen ora ditulung Bu Likmu, bisa wae wae kowe ora slamet. Lha wong rikala iku bapakmu nembe dines neng Aceh," ujare ibu.

“Bu Lik mung njaluk tulung awakmu njaga, ngeterake priksa, konsultasi psikologi. Sokur-sokur bisa ngajak dolan menyang panggonan sing bisa gawe adhimu kuwi bungah. Ora mung kelingan Bambang wae sing nganti seprene ora ana kabare,” ujare Bu Lik karo ndulang Dhik Manggis sing ora mandheg anggone nyawang aku.

"Anu..ngapunten Bu Lik, lha enten menapa ta Mas Bambang niku?"

Advertisement

"Bambang seprene durung bali seka layar. Kamangka wis nem sasi iki lunga. Malah ana kabar kapal saka Indonesia klelep lan ora bakal ditemokake amarga wis entek watese. Meh saben wengi adhimu kae njaluk nyekar ing Bengawan, supaya dongane mili, nyawiji karo banyune Bengawan lan mili tekan segara."

“Oo ngoten...nggih Bu Lik...”

“Ya wis, Bu Lik mung bisa matur nuwun. Saiki Bu Likmu iki meh njaluk tulung sapa maneh saliyane awakmu? Yuhh...yuh ...pancen nggrantes nasibe adhimu kuwi Le. Wis wiwit cilik kelangan bapake...Eh...lha kok saiki kelangan calon bojo,” sambate Bu Lik karo mbrebes mili.

***

Saben dina aku dijadwalke ketemu Dhik Manggis, esuk lan sore. Kajaba malem Minggu, bisa nganti jam sepuluh wengi. Wayah esuk playon joging ing Manahan, bubar kuwi ngancani sarapan bubur sambel tumpang. Beda maneh yen wayah sore, ngancani jajan panganan ing Pasar Legi.

Kala-kala malah dak ajak nonton kethoprak neng Balekambang. Pisanane wegah-wegaha nonton, nanging pas wayahe dhagelan, Dhik Manggis ora mandheg anggone ngguyu cekakakan. Guyone Bogang Sura Ndememeng lan Momon Cs kuwi pance lucu tenan. Wetengku dhewe nganti lara amarga ora mandheg anggonku kepingkel-pingkel.

Bubar kuwi wayahe bala dhupak gawe gebyaring panggung. Ora amarga paragane sing pinter silat, nanging amarga anggone akting lan macak kuwi ora gathuk babar blas karo sing jenenge bleger prejurit.

Advertisement

Pisanane ing panggung pancen wis pantes amarga ngobahake jurus-jurus silat. Nanging tekan satengahe padudon malah dadi gecul lan kocluk. Pada bingung endi bala, endi mungsuh. Awake kuru-kuru. Mung siji wae sing rada kelemon.

"Walah..lha wong balane dhewe kok malah dithuthuk...hahahaha...," ngono ujare Dhik Manggis ngguyu cekakan nganti bola-bali ngelap ilune mripat.

Watara telung sasi ngancani, suwening suwe ana sing beda. Dhik Manggis babar balas ora nyritakake babagan Mas Bambang. Raine wis padang kayadene mbulan. Mripate kemepyar kaya lintang sing gumantung ana ing langit.

Prei sedina ngancani dheweke wae rasane kaya eneng sing kurang. Dhik Manggis wis nate prengat-prengut nalika ngerti aku kirim-kiriman poto karo Dhik Maya, LC (Ladys Club') sing kondang bayarane larang kanggo ngancani karaoke. Semana uga nalika dheweke masang potone Mas Bambang ing profil WA-ne. Aku gage ngoprak-oprak ngakon mbrusak.

Ora kudu ngenteni dikongkon Bu Lik, aku wis nandangi kuwajibanku. Ngajak priksa, dolan lan gawe seneng atine Dhik Manggis. Kaya malem Minggu kaping pungkasan aku ngajak nonton kethoprak, Dhik Manggis katon sumringah. Apa maneh nalika dheweke maca Whatsapp saka nomer sing durung diwenehi jeneng.

"Lho, mas...Mass..Mas Bambang....," ujare Dhik Manggis nalika nuju parkiran montor.

"Ora usah ngimpi ta Dhik!"

Advertisement

"Menenga dhisik, aku tak video call sedhela," semaure Dhik Manggis banjur video call. "Dak kira yen melu klelep Mas...Mas...Dhuh Gusti matur nuwunnn...Hahh?? Lha kok bisa ora sida mangkat?"

"Aku dibegal sadurunge tekan pelabuhan Dhik. Dhuwitku entek kabeh, HP-ku melu digasak," ujare swara saka handphone Dhik Manggis.

"Halah...apus-apus kuwi!!! Ngaku wae yen minggat ra gelem tanggung jawab!!! Lha apa ana wong dibegal, isih urip, HP-ne ilang njur isih kelingan nomer hapemu Dhik!!"

"Kowe ki ngapa ya Mas???? Yen ora seneng ya wis lunga kana!!! Baliya dhisik. Aku tak ngegrab apa nggojek wae!!!"

"Wengi iki awakmu isih dadi tanggung jawabku!!! Ayo gek bali dhisik. Bubar kuwi sak karepmu!!"

Saka parkiran nganti tekan omah, Dhik Manggis mung meneng wae. Semana uga aku, babar blas wegah miwiti omongan, nganti esuke aku pamitan karo Bu Lik, nganti montorku mbrebet amarga busi lan kaburasine reget, nganti rantene pedhot tekan tengah ndalan.

Rasa katresnanku marang Dhik Manggis pancen kudu dipedhot, sanadyan gawe ati lara. Kaya rante montor iki. Kudu pedhot dhisik sadurunge disambung supaya kenceng. Apa luwih becik tuku anyar saumpamane wis agawe cilaka?

Advertisement
Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif