Langganan

Cerkak Wastra Lungset ing Sampiran

by Latifah Agus Setyaningrum  - Espos.id Jagad-jawa  -  Kamis, 4 November 2021 - 06:18 WIB

ESPOS.ID - Ilustrasi kisah cinta. (freepik)

Erlin lungguh ing kursi taman kang endah, kaya kursine sultan. Lungguh ijen karo nyawang kembang anggrek kang dadi klangenane swargi Faris. Yen miturut Mbok Marni, anggrek iku klangenane Erlin, mula Faris uga seneng banget karo anggrek. Kabeh kang dadi klangenane Erlin, Faris mesthi banjur uga seneng.

Netes luh saka mripate Erlin, anggrek bulan warna putih kang lagi mekar gambyok, nambahi kaya kekiris atine, banjur eling Faris bojone kapindho kang tumekaning pati. Faris bojo kapindho kang blas ra digape dening Erlin. Erlin ora nduwe rasa tresna marang Faris amarga anggone bebojoan karo Faris mung merga saka pandheseke Faris kang duweni krenteg nyekolahne anak-anakke Erlin nganti rampung. Mula saka kuwi Erlin banjur gelem.

Advertisement

Bojone Erlin kang kapisan mati amarga lara jantung. Wektu kuwi kabeh anake wayah kemragat. Erlin dhewe ora cekel gawe, setaun Erlin montang-manting golek pangupa jiwa ijen kanggo keluarga. Banjur teka Faris kang ngajak bebrayan lan bakal dadi bapake anak-anake Erlin. Nanging Erlin ora gelem.

Faris iku wong sugih mblegedhu, jaka tuwa tangga desa, umur seket lima durung jatu krama. Jane mono praupane ya bagus, gagah pideksa, nanging mbuh keneng apa ora gelem rabi.

Faris urip ijen, kawit cilikane wis ditinggal seda wong tuwane, bapak ibune bakul klambi gedhe ing pasar ing desane. Mula nganti tumekane pati Faris ya isih usaha bab klambi. Ananging yen Faris, nduweni pabrik garmen telung nggon, duwe butik telung nggon, durung maneh toko klambi Farlin kang sumebar ing nuswantara.

Advertisement

Erlin banjur eling karo gunemane Mbok Marni, crita marang Erlin seminggu kepungkur, rikala pitung dinane Faris, crita kang kagembol rapet dening Mbok Marni lan Faris.

"Bu, kula badhe matur," kandhane Mbok Marni seminggu kepungkur.

"Hiya Mbok, ana apa. Aja njaluk metu saka gaweyan ya Mbok, aku wis nganggep simbok sedulurku dhewe, kaya jaman Mas Faris isih mbok?" Wangsulane Erlin, sumelang yen Mbok Marni metu saka gaweyan.

Ambaka ing omah kuwi rewange ana papat nanging Mbok Marni iku kang wis dadi kaya sedulur. Mbok Marni nangis ngguguk, Erlin tambah bingung. Mbok Marni banjur dirangkul dilus-lus gegere.

Advertisement

"Mbok, aku ngerti, simbok kelangan Mas Faris. Aku ya kelangan Mbok. Mula kuwi anggepen aku anakmu, kaya simbok nganggep Mas Faris iku anak."

"Bu, kula pun janji kalih Mas Faris, boten ajeng nilar panjenengan piyambakan Bu."

"Alhamdulillah yen ngono Mbok, ayem aku, njur apa sing arep kocritakne Mbok?" Mbok Marni unjal ambegan, ngelus dhadha sedhela, banjur mapanake lungguhe sing luwih kapenak. Wektu iku Erlin lan Mbok Marni ana ing gazebo pinggir kolam.

"Mas Faris niku kawit cilike sing momong kula Bu." Erlin manthuk, tandha ngerti, amarga wis dicritani Faris.

Advertisement

"Gandeng rama ibune repot dagang mula nggih sedina-dina kalih kula, pun kados anak kula Bu."

"Iya Mbok, Mas Faris nate crita," kandhane Erlin karo nyekeli tangane Mbok Marni.

"Sedaya sing dadi uneg-unege mas Faris dicritakne kula Bu, ngantos bab pribadi sing kudune rama ibune sing pirsa, ning malah kula sing dicritani." Erlin dadi tambah penasaran, jane apa kang dicritakake Mbok Marni.

"Wiwit SMA riyin, Mas Faris remen kaliyan tiyang estri Bu, crita menawi tiyang estri kancane benten kelas, bocahe pinter, ayu, rambute dawa. Emane bocah niku wau sampun gadhah pacangan. Ngantos kuliyah Mas Faris tesih nunggu, emane lare wau banjur ningkah. Mas Faris ngendhem tresnanipun ngantos tiga likur taun, saklaminipun punika Mas Faris tansah biyantu panguripan kulawarga lare estri wau, wujud napa kemawon, sing mesthi wujud dana kangge sekolah anak-anakipun, nanging kanthi sesidheman, kanthi paring beasiswa, paring padamelan kangge semahipun pawestri wau, kalamangsa paring barang kabutuhan emah-emah, nanging nggih disidhemaken. Janipun kathah wanodya ingkang terang-terangan sanjang tresna dhumateng Mas Faris. Mas Faris boten nggape, pun kula cobi ngrerepe supados krama, nanging tetep panggah boten kersa. Sareng mireng bilih rakanipun pawestri kalawau seda, Mas Faris boten kok remen, malah muwun sewengi natas, kados kelangan sedulur sinarawedi. Boten kersa dhahar, boten miyos saking kamar. Sareng sampun setaun, nembe sanjang kula menawi badhe nglamar randha pawestri katresnane wau, nyuwun donga pangestu, kula didhawuhi ngangge rasukan sing paling anyar dhewe, ngangge selop anyar diajak nglamar dhateng Mojorejo. Nglamar pawestri wau, njenengan Bu."

Advertisement

Erlin nangis ngguguk, Mbok Marni ngulapi luh kang tumetes saka mripate. Banjur bacutake guneme.

"Wangsul saking Mojorejo, Mas Faris ketingal sedhih sanget, amargi lamaranipun dipuntulak, amargi njenengan taksih dereng kersa krama malih. Kalih minggu Mas Faris boten tindak kantor, boten nuweni toko kagunanipun, kados lare nem kang pedhot tresna. Sareng wonten kabar, bilih putra panjenengan nglamar padamelan wonten kantoripun, Mas Faris lajeng gumregah dhateng kantor."

"Nengga ngantos kalih tahun, ngantos panjenengan kersa nampi lamaranipun. Sareng panjenengan kersa nampi, Mas Faris lajeng nyepakaken ubarampe kangge ngowahi sedaya usahanipun, badhe dipunowahi dados asma panjenengan Bu."

Erlin banjur eling, sesasi kepungkur Mas Faris njaluk tanda tanganku akeh banget, jare mono kanggo balik nama tokone, dakkira mung toko kang disuwalikake, jebul kabeh usahane. Ya garmen, ya toko kain,ya toko klambi lan sakwenehi omah kang mapan ing pirang-pirang panggonan, kalebu omah kang dipanggoni Erlin biyen. Erlin ngunjal ambegan, nata napase sing saknalika seseg.

"Mbok Marni, aku kudu piye saiki, aku duwe salah marang Mas Faris, durung kober njaluk ngapura Mbok."

"Donga Bu, didongakake mawon Mas Faris, kersane aluse dipapanake ing papan kang endah dening Allah. Allah langkung tresna dhateng Mas Faris, Bu."

Advertisement

Tangise Erlin sansaya ndadi. Omongane Mbok Marni tanpa sengaja wis nyilet atine Erlin. Allah luwih tresna, hiya pancen Allah luwih tresna marang Faris, amarga Erlin durung bisa tresna marang Faris, durung bisa apa durung sadar yen wis tresna?

"Astaghfirullah, Mas Faris...aku njaluk ngapura Mas, upama bisa kaputer maneh crita iki."

Kagawang lelakon kang klewat, wektu sepisanan Erlin teka ing omah gedhong iki, dadi nyonya Faris. Anak-anakke wis digawekake kamar dening Faris, pancen kabeh kaya wis disiyapake dening Faris. Faris cedhak banget karo anak-anak kuwalone. Nanging durung bisa cedhak karo Erlin, amarga pancen Erlin ora gelem mbukak atine kanggo Faris.

Malah nganti tekane pati Faris durung nate nindhakake wajibe dadi bojo marang Erlin, turune sakkamar nanging ora sakamben. Mangkono wae Faris wis seneng banget, katon saka praupane kang tansah mesem sumringah.

Erlin tetep nindhakake leladi kaya bojo biyasa, ya mangsak, ya nyepakake klambi kanggo Faris. Kabeh kebutuhane Erlin lan anak-anake kacukupan, kepara turah. Saben wektu bisa dolan, nglejar manah ana sawenehe papan, sakkarepe anakke lih arep njaluk.

Emane, durung katon rasa tresnane Erlin marang Faris. Tanpa dimangerteni Faris, Erlin wis tuwuh rasa dheg-dhegan, rikala tangane digandeng Faris karo ditepungake marang karyawane ana salah sawijining pabrike ing Kudus. Wektu iku Erlin nganggo gamis kang sarimbit karo klambine Faris, kabeh padha nyawang manten anyar kang pancen cocok.

Sing wadon katon ayu, lencir kuning, manganggo krudung werna jambon, gamis abu-abu. Faris hem klawu rinengga kanthong werna jambon. Para karyawan kamitenggengen weruh Faris kang tansah nggandeng tangane Erlin. Ananging bareng bali maneh ing omahe Solo, sih panggah padha padatan, Erlin durung bisa nampa Faris kayadene bojo kang wutuh.

Gambar manten sing gedhene sakpengadheg wong dipasang Faris ing ruang tamu lan kamar, menawa saking mongkoge atine Faris. Beda karo Erlin, angger-angger kaget karo gambare dhewe.

Lageyane Faris, wayah sore lungguh ing sakpinggire kolam iwak koi, sinambi aweh pakan Faris nyawang polahe iwak-iwak kuwi mau. Yen mangkono Erlin banjur nyepakake teh karo nyamikan kang sumadya ing meja dhaharan. Diselehake ing meja cilik anggone Faris lungguh, ora nganggo sapa aruh, banjur mungkur. Faris mesem karo omong.

"Maturnuwun Bu," pancen Faris nyeluk Bu marang Erlin, kareben rinasa asih. Sing diceluk Bu trima manthuk banjur nglungani, reka-reka repot ana pawon. Jane mono pawon sih akeh sing temandang gawe.

Erlin nyedhaki gambar ing kamare, didemok pas tangane Faris kang nggegem tangane, banjur celathu karo mbrebes mili.

Kabeh wis kebacut, ora bisa dibaleni maneh. Ora ana gunane nggelani crita kang ginaris, nggelani lungane Faris menyang Kudus, kang dadi sebab matine Faris, merga tilik pabrik Kudus, Faris ketularan Covid-19.

"Mas, aku kangen...gandheng tanganku Mas." Disawang gambar mau, saiki pas raine Faris.

"Jebul aku tresna njenengan, muga tresna iki ora muspra. Kabeh amanahmu bakal daklakoni.”

 

Latifah Agus Setyaningrum Guru SMP Muhammadiyah 9 Gemolong, Sragen

Advertisement
Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Kata Kunci : COVID-19 Cerkak Kisah Cinta
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif