by Damar Sri Prakoso Ita Cika Amalina Taufiq Sidik Prakoso - Espos.id Jagad-jawa - Minggu, 2 Oktober 2022 - 05:38 WIB
Esposin, WONOGIRI -- Bathik iku budaya asli Indonesia kang wus diakoni donya. Bathik Indonesia uga wus ditetepake dening Unesco minangka warisan kabudayan asli Indonesia.
Telung kutha kang kondhang gawe bathik yaiku Pekalongan, Solo, lan Jogja. Nanging manawa gelem nggoleki, bathik uga bisa ditemokake ing saperangan dhaerah ing Jawa Tengah.
Salah sijine dhaerah sing gawe bathik yaiku Kecamatan Tirtomoyo, Kabupaten Wonogiri. Dhaerah kang gawe bathik Wonogiren ing Kecamatan Tirtomoyo iku sumebar ing limang desa yaiku Desa Tirtomoyo, Dlepih, Banyakprodo, Bedingin, lan Ngargoyoso.
Bathik Wonogiren tradhisi Tirtomoyo isih ana sesambungane karo bathik keraton kang ana ing Solo.
Bathik Wonogiren tradhisi Tirtomoyo isih ana sesambungane karo bathik keraton kang ana ing Solo.
Jroning skripsi kanthi irah-irahan Kajian Batik Wonogiren Tradisi Tirtomoyo dengan Pendekatan Estetika Timur kang ditulis Dwi Widyantoro taun 2013, bathik Wonogiren tradhisi Tirtomoyo kondhang diarani bathik tulis Wonogiren kang wus ana kawit taun 1910 nalika para abdi dalem Kraton Mangkunegaran Solo kajibah ing dhaerah Tirtomoyo Wonogiri.
Bathik Wonogiren ing Tirtomoyo iku bathik Wonogiren asli. Jeneng bathik Wonogiren asale saka seniwati bathik Pura Mangkunegaran, Kanjeng Wonogiren utawa Raden Ayu Handayaningrat, garwane Bupati Wonogiri (jaman prakemerdekaan RI).
Jeneng bathik Wonogiren sansaya kondhang sawuse digiyarake Bu Tien Soeharto, garwane Presiden Soeharto kang asline uga saka Wonogiri. Bu Tien Soeharto nyandhang busana bathik Wonogiren saben dina.
Mula bathik Wonogiren banjur dadi salah siji bathik kang disenengi masarakat. Bathik Wonogiren mligine ana remukan jroning gambare. Remukan ing bathik Wonogiren kuwi nganti saiki tetep dijaga lan ndadekake bathik Wonogiren mirunggan.
Bathik Wonogiren tradhisi Tirtomoyo meh padha karo bathik ing Pura Mangkunegaran, utamane gambare. Sing mbedakake, carane gawe.
Bathik Wonogiren lan bathik Pura Mangkunegaran sarta Keraton Solo kang mbedakake yaiku carane gawe kanthi teknik wonogiren (remukan). Bathik Wonogiren tradhisi Tirtomoyo uga ngandhut sipat alus, lembut, lan nggunakake warna-warna enom, yaiku soga soklat semu kuning sing ameh padha karo bathik Pura Mangkunegaran.
Wiwit mbiyen, bathik Wonogiren tradhisi Tirtomoyo ngandhut gambar-gambar tradhisi. Gambar-gambar iku antarane manyar sewu, ratu ratih, sida drajat, surya suwita, sida asih, tirta tedja kusuma, simbar, wahyu temurun, dan sida mulya.
Saliyane gambar tradhisi, bathik Wonogiren tradhisi Tirtomoyo uga ana gambar asil kreasi anyar kang trep karo kahanan alam, sosial, lan budaya ing saindenge Wonogiri. Gambar kreasi anyar kuwi antarane gajahan, satriya manah, kupu konket, urang, lan alas-alasan.
Warga kang ngrembakake payung bathik kuwi, yaiku Sularto, 42, utawa sing diparabi Jeprik. Kanggo ngoyak pesenan payung bathik, Jeprik nganti ngingu pegawe 40 wong.
Enem wong gawe payung bathik ing omahe Jeprik. Dene liyane nggarap saka omahe dhewe-dhewe. Sesasi wingi, Jeprik entuk pesenan nganti 1.000 payung bathik.
Ora beda karo bathik tulis umume, carane mbathik payung uga nggunakake canthing. Mung wae, warna sing digunakake yaiku cet.
Maneka warna gambar bathik dioleske ing payung, wiwit saka gambar bathik klasik nganti kontemporer. Upamane gambar tiga negeri sarta motif klasik kayata kawung, sekar jagad, truntum, lan sapanunggalane.
“Aku mung nuruti panjalukane sing pesen. Saiki lagi padha gandrung gambar bathik kanthi warna sing ngejreng kaya [gambar] tiga negeri. Pasar nagara manca malah luwih seneng lawasan,” ujare Jeprik, Rebo (28/9/2022).
Tukang bathik, Wiji Lestari, 46, ngakoni mbathik payung luwih angel tinimbang mbathik kain.
“Upamane nganti kleru, ngilangine repot lan angel. Mula nalika mbathik payung, aja nganti gambare kleru,” piterange.