Langganan

Geguritan Aming Aminoedhin

by Aming Aminoedhin  - Espos.id Jagad-jawa  -  Sabtu, 21 Mei 2022 - 06:38 WIB

ESPOS.ID - More than just publish.

Padhang Mbulan Wulan Pasa

pirang-pirang dina iki wis ora udan ing akasa katon padhang mbulane iki tandha pasane wis mlaku luwih saka separo wulan akeh kanugrahan bakale teka ing wengi-wengi kuwi akehana olehe ngaji weneh lan weweh ing wulan suci bakal oleh ganjaran akeh pinaringane Gusti padhang mbulan wulan pasa bisaa ndadekake padhange pikir jembare ati lumaku kanthi tetep madhep manteb netepi dhawuhing Gusti kuwi awak bisaa tetep akas trengginas olehe nglakoni pasa ora mung pijer turu ana mushola padhang mbulan wulan pasa wengi iki angel olehku gawe guritan kuwi mbokmenawa wae aku lali durung tadarus ngaji kesengsem padhang mbulan ing wengi iki katon endah lan asri sing nyenengake ati

Advertisement

Mojokerto, 17/4/2022 (00.19)

Gurit Wulan Pasa

wayah pasa ing wulan romadhon aja mung pijer turu wae bubar subuhan turu maneh nganti bedhug dhuhur delengen dina tetep kaya biasane srengengene metu wayah esuk mula aja akeh olehe omongan umuk apa maneh mblithuk kandhane luwih becik turu tinimbang melek nanging arep omong elek utawa mung ngrasani alane liyan luwih apik laku-turu iku ora umuk, lan ora bakal mblithuk kandhamu kuwi bener, nanging ora pener gurit wulan pasa iki mung arep kandha dene pasa mono ora diakehi turune nanging gawenen bisaa mergawe sisane bisa laku-ngaji supaya oleh ganjaran akeh ing wulan suci iki Mojokerto, 16/4/2022 (00.57)

Advertisement

 

Cathetan 11 April 2022

gawe cathetan tanggal kuwi amung bisa ndeleng saka tivi ana ombyake demo ing Kutha Jakarta para buruh lan mahasiswa ramene demo ketoke nganti tekan wayah bengi warta saka tivi, lan medsos katon beda surasane kena apa kok bisa beda?

ora perlu jawaban, marang pitakonan kuwi kabeh wong wis padha ngerti dhewe apa sababe kutha-kutha liya uga akeh sing melu demo klebu kutha-kutha sing ana njaban tanah Jawa mahasiswa demo njaluk aja nganti diundurke jadwal pemilu lan ora nambah telung periode kanggo kursi presidhen iku yen wae tetep mlaku iku mono laku salah lan nyalahi undang-undang jalukan liyane saka demo iku rega BBM lan minyak goreng kudu mudun aja nganti regane nekak gulune rakyat kamangka barang-barang wis padha mundhak kaya-kaya regane wis ora kajangka tangan guritan iki mung sakderma cathetan bisaa dadi pangeling-eling dina mburi mahasiswa demo mung ngelingake dene kursi presidhen iku mung rong periode puterane ora bisa diganti dhewe kanthi didawakake ora bisa iku mono cetha nyalahi undang-undang Mojokerto, 15/4/2022 (00.33)

Advertisement

 

Tunjungan Plaza Kobong

wingi sore wayah maghrib teka jam olehe buka pasane sing padha pasa mall Tunjungan Plaza kobong

wong-wong padha mlayu metu golek slamete dhewe-dhewe akeh mobil-mobile ditinggal lunga dalanan macet amarga ramene sing padha ndelok akeh geni ceblok saka ndhuwur mall iku medeni wong-wong sing padha liwat dalan kono akeh mobil damkar nguing-nguing nyoba mateni geni jarene warta radhio ora ana korban mati mesthi keluke asep wis mlebu neng endi-endi ing njero mall kuwi Tunjungan Plaza kobong aja mesthi digathukake tanggale telulas kuwi aja nganti! iku mung gugon tuhon Mojokerto, 14/4/2022

Advertisement

 

Dina-Dina Kebak Ampunan

dina-dina iki wis mlebu dina kebak ampunan saka pinaringane Gusti dina mancik etungan welasan ing wulan pasa traweh lan ngajine akehana sapa ngerti oleh ampunane Gusti dina mburi bisa ngundhuh wohing pakartimu kuwi aja nganti kagodha gebyare pasar utawa mall wayah bengi

tawa-tawa diskonan kaya ngedhap-edhapi iku mono mung gincune setan ing wulan suci iki kamangka setan dibandha bisa njelma arupa diskonan kuwi aja nganti awakmu nurut melu kepilut ing ramadhon iki terusna olehmu sregep traweh lan ngaji ora nuruti nguber diskonan sing sabenere iku jelmaane setan aja kepencut! Mojokerto, 13/4/2022 (00.13)

Advertisement

 

Durung Wayahe

mumpung isih ing wulan ramadhon akehana ndonga aja mung pijer takon bab THR wingi kuwi Jakarta kandhane nembe geger ana demo mahasiswa lan rakyat sing nggugat presidhene mudun ana dalan-dalan ngebaki kutha kabar ramene ora sabaene wingi iku dengaren wartane bisa katon mlebu tivi warta ing tivi pancen beda kang kinabarake ing medsos kena apa, jarene pancen supaya gembos jamane wis tinarbuka donyane pancen wis kuwalik apik dadi elek, sing elek dadi apik jungkir jempalik, kewalik-walik

kabeh iku pancen wis pinesthi ginaris saka Gusti yen pancen wis wayahe THR bakale arep teka dhewe aja pijer takon wae? Mojokerto, 12/4/2022

 

Tekad Kudu Kuwat * kanggo apa

Advertisement

ngangsu kawruh ing kutha liya kudu duwe tekad kuwat sembarange urip butuh niat kanthi ati bisa nggantha impen iku arep kecekel tangan dawane lakumu ana dalan bisa digawe sangu ora bakal goyah kagodha ing jaman jempalikan tetep kudu bisa rampung kuliyah mesthi akeh sandungan anane kabeh sandungan iku bisa diwudhari krana tetep ndonga nyuwun marang Gusti salate kudu ora oleh kendhat akehana olehmu tirakat kabeh impenmu bakal bisa kajangka tangan ngangsu kawruh ilmu butuh tekad kudu kuwat mesthi dhuwit cumpen

kudu bisa gayuh impen aja nganti mundur aja wedi kebentur iku mung godha saklebatan dina mburi bakal nemu kaendahan Mojokerto, 11/4/2022 (00.17)

Aming Aminoedhin Lair ing Kutha Ngawi, 22 Desember 1957. Weton saka Fakultas Sastra, Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, jurusan Basa lan Sastra Indonesia (1987). Saiki pangarsa FSBS (Forum Sastra Bersama Surabaya). Dedunung ing Puri Mojobaru AZ-22/23 Desa Canggu, Kecamatan Jetis, Kabupaten Mojoketo 61352.

Advertisement
Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif