Langganan

Geguritan Anjrah Lelono Broto

by Newswire  - Espos.id Jagad-jawa  -  Minggu, 8 Agustus 2021 - 22:35 WIB

ESPOS.ID - More than just publish.

1/ Wengi Sepisanan

... krasa abot dakpegat rangu nadjan alot

Advertisement

kepara suwe ngenam lawe lelimbang wengi iki apa ora bakal daklali, wiwitan aku mertamu ing kidungmu sawise tugu kamanungsan saya miring dening pacoban

tampanana tekaku kang abot nyunggi lelakoning titah mbako klobot ...

2/ Wengi Angka Loro

Advertisement

ing wengi kapisan wingi cagak-cagak kidungmu ngemu geni pindha nayab kang katrungku pulisi aku durung kuwagang nguja lathi asung uninga tekaku mengku sedya siji ; silahturahmi

mula ing wengi angka loro iki dongaku munjung sagunung merapi geni jroning cagak kidungmu wus mati bakal luwih setiti olehku ngaji ayat-ayat kidungmu mbasuh ati

Trowulan, 2021

3/ Wengi Kaping Telu

Advertisement

wengi kaping telu nalikaning mertamu ing kidungmu nglangut swara siter ngajak amemitran binarung amrik arum dalu tapis sewu panandhang panguripan

getun sundul wuwung ngelingi semana prasajaning udrasa dakwaca kanthi premana wewayangan klawuning jangkah kutah malambah kinanthi kidung manembah

Trowulan, 2021

4/ Marang Pasuketan

Advertisement

durung sun ngerteni --- kenengapa udan isih tatag mudun ing wulan juni?

uga durung sun ngerteni --- kenengapa mung sakeplasan sliramu tumeka lan nyunggi katresnan?

aku uga durung ngaweruhi --- kenengapa aku ngadeg sapinggiring treteg nuju ambleg?

aku durung bisa nemu wangsulan --- kenengapa sliramu kudu ijenan ngliwati wot kang rekasa sinabrang?

Advertisement

apa kudu takon marang pasuketan kang mobah tanpa sanggan?

Trowulan, 2021

 

5/ Ah, Wanodya Kanggo Nicky Minaj

mripat Kunthinalibrangta tanpa sabawa ceblok ing jogan senadjan wus ora ana Bima nanging mblasah kang kelangan krana Arimbi bali jejer Hidimbi

Trowulan, 2021

Advertisement

6/ Akik Junjung Drajad

Junjung Drajad kang ngrenggani driji Dudu jimat mandragunaning sekti Kang nyulap lebu dadi barang kang mbejaji Junjung Drajad kang mbokungalake saiki sejatine mung siji saka cuwilan watu kali umpama ora dielus klawan premati

yen ta ulegan panguripan kang nggubet saiki jejer pawongan tanpa drajat kebak aji elingana, kita saderma titahing Gusti kang kudu sumarah ekhlas nglampahi tanpa kendat setiyar lan dedonga trusing ati

Trowulan, 2021

Anjrah Lelono Broto, cumondok ing Trowulan, Mojokerto. Sregep nyerat esai, cerpen, uga puisi kang asring kapacak ing media massa (abasa Indonesia lan abasa Jawa). Tetungguling Lingkar Studi Sastra Setrawulan (LISSTRA) iki sakmenika aktif ing Terminal Sastra ingkang disengkuyung Dewan Kesenian Kabupaten Mojokerto (DKKM). Saged dipunsapa ing nomer WA 085854274197, anantaanandswami@gmail.com, lan dipunsanja ing FB: anjrahlelonobroto, dalah IG: @anjrahlelonobroto.

Advertisement
Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif