by Anjrah Lelono Broto - Espos.id Jagad-jawa - Minggu, 23 Januari 2022 - 10:37 WIB
Geni ing Lathine Bocah-Bocah
tanganku gurawalan
mripatku pendhirangan
ana geni murub abang
mletik saka lathi bocah-bocah
tanpa nunggu tekane isuk
gregah jangkah sangu ati ngesuk
kinanthi donga minangka rabuk
urubing geni kudu gage digusah
alon nanging kelakon
geni kuwi mbleret krana sega karon
sawungkus rinoyok bocah keleson
pangapura kang mung bisa daktatah
Mojokerto, 2014-2022
Paprangan
luwih migunani
umpama keris-keris kuwi bali
menyang warangka aji
sinengkelit ing bangkekan,
lan ora minangka dalan
jubriyaning ati asinjang
nepsuning buta galak
kang lumaku lunjak-lunjak
yen ta wus kebacut
sing kacithak mung esem kecut
nyawang bedhayaning malaekat maut
dalah srengenge kang nyerat paseksen
mayuta pisambat datan leren
ing robing samodra kedhuwung
ing donya kang suwung
Mojokerto, 2009-2022
Ninggal Taun
ambeganmu dhurung langsam
ninggalake taun kebak kasangsayan
nalika kabar lelayu jejer sega jangan
lan jejege kendhil cagak panguripan
krasa abot krana maneka paugeran
sliramu trawaca ngumbar panggantha
bakal nglalekake nam-naman kang ana
ninggal aku ing kene tanpa kanca
ing edhuming ron-ron semboja
sangisoring kijing tinulis prasaja
Mojokerto,Januari 2022
Roncen Rapsodi
sawetara saka atusan kaca buku tuwa
mbabar cakrik crita kebak mawa
dur angkara thukul ngrembaka
antaraning pasuketan kang tuhu setya
lan bun-bun esuk amakutha asih tresna
; esem rengat, kidung mangsakala kang ajeg karumat
malih rupa cuwil beling kang landhep digdaya
nyerat tatu nalika sawetara kaca
kuwi kawaca
umpama swara thuthuk cempalaning dalang
keprungu tekan gisiking kamanungsan
nora bakal lair pitakonan;
“Sing sing nganggit buku tuwa kuwi?”
isih karanti wangsulan, umpama
luwih becik ditutugna maca
aja kandheg ing sawetara kaca;
“Eksekusi lan ekseksusi kuwi roncen rapsodi,”
Mojokerto, Januari 2022
Iterabilis Historia*)
keprungu panjelih sora, nuli kemrompyang swara
dadi sawalang-walang nyigar bantala
sawijining ibu nganggo daster lungse
nggegem mulading geni kepara suwe
sawijining anak nganggo klambi kothak-kothak
ceblok ing plataran kapapag sewu rasa cingak
ibu nututi klawan nesu lahar semeru
anak babak bundas atine biru
mataun sabanjure isih keprungu panjelih sora,
uga kemrompyang swara nyigar bantala
anak sing wis jejer bapak tan milara sapa-sapa
panjelih lan swara mung dadi bumbon crita
--- sing wis ya uwis
mangga karakit endah kang cemawis
Mojokerto, Januari 2022
*) sejarah kang ora kedadeyan ing mangsa saiki.
Kapang Wedang Kopi
: DY
bola-bali, panyawang kopi
tumiba ing garasi
“Boya kapan gula gage teka ngancani?
Boya kapan kita sakloron ngumpul diwedangi?”
sawise jangkahku ninggal garasi
mung sedhela kopi sun sambangi
krana sun mangerteni ana kang ora jangkep dina iki
“Dudu gula, dudu elpiji,
Tapi sliramu kang mabur menyang Turki,”
Mojokerto, Desember 2021
Anjrah Lelono Broto, lair ing Jombang lan sakmenika cumondok ing Trowulan, Mojokerto. Wiwit SMA ajar nyerat esai, cerpen, uga puisi kang asring kapacak ing media massa lan online (abasa Indonesia lan abasa Jawa). Sawetara seratane klebu jroning buku antologi bebarengan. Dene buku seratane yaiku; Emak, Sayak, Lan Hem Kothak-Kothak (kumpulan crita cekak, 2015), Nampan Pencakan (antologi puisi, 2017), Permintaan Hujan Jingga (antologi puisi, 2018), lan Kontra Diksi Laporan Terkini. Naskah teater anggitane kang asesirah Nyonya Cayo kapilih minangka Nominasi Pilihan jroning Sayembara Naskah Lakon Dewan Kesenian Jawa Timur 2018. Nate kacathet minangka undangan Kongres Sastra Jawa III (Surabaya, 2011), Kongres Sastra Jawa IV (Yogyakarta, 2016), Muktamar Sastra Nasional (Situbondo, 2018), panelis jroning Kongres Budaya Jawa II (Surabaya, 2018), lan peserta Musyawarah Nasional Sastrawan Indonesia III (Jakarta, 2020). anantaanandswami@gmail.com, FB: anjrahlelonobroto, dalah IG: anjrahlelonobroto.