Langganan

Geguritan Anjrah Lelono Broto

by Anjrah Lelono Broto  - Espos.id Jagad-jawa  -  Senin, 27 Juni 2022 - 22:21 WIB

ESPOS.ID - Ilustrasi wayang. (Freepik)

1/ Tanpa Satriya, Tanpa Widadari

kaya-kaya pancen dheweke, Bethari Suprabawati jumangkah alon ing tepis wiring kasunyatan lan impen nuli bangku taman kutha mancala mitra ewon pitakon gadhuhane sang widadari krana ciptaning dhurung paja katon ambegawan raganing isih kebak panyuwunan mangka jonggringsaloka saya bedhah amba saka krodhane Niwatakawaca

Advertisement

umpama nuli keprungu kidung cuwa ing selaning gegodongan dalah kembang petamanan (s)apa kang ketiban supata? sang parta? dhalang? gelak playuning jaman? bisa uga para pujangga kang keli nyerat gurit-gurit kasmaran?

Mijil swiwi ing anggane pasopati pangkon anget widadari tanpa gunem den pamiti dheweke mabur sambang panggantha mbaka siji asung sasmita; yen ta isih ana ulegan kinclong-kinclong tanpa satriya, tanpa widadari

Advertisement

Mijil swiwi ing anggane pasopati pangkon anget widadari tanpa gunem den pamiti dheweke mabur sambang panggantha mbaka siji asung sasmita; yen ta isih ana ulegan kinclong-kinclong tanpa satriya, tanpa widadari

2/ Ngliwati Tabuh Pitu

Jeng, ngliwati tabuh pitu, pedhut bakal kasirna rantak cahya bagaskara Bun esuk njilma dongengan, kentir adoh kasempyok gojeg prenjak kang ngelikake saben peteng bakal dipungkasi, pepadhang ora butuh kalari klawan nggrangsang ati, krana saben panandhang ngempit solusi

Advertisement

Ngliwati tabuh pitu, wolu, sanga, sepuluh, lan sateruse, Jeng, apa pedhut bakal bali? Aku isih kelingan ananing cakra manggilingan Yen ta saiki kita bisa mabur miyak mega Amba jajaning bantala setya ngranti, sawayah-sawayah kita ceblok angrungkepi

Ngliwati tabuh pitu, Jeng, sagunung pangarep-arep gurit iki mbokwaca bebarengan, ora ijenan, kaya nalika dakserat gurit iki

Mojokerto, 2022

Advertisement

3/ Gusti, Paringana Ingsun Sedina Wutuh

senadjan sawuwung ingsun mangerteni yen ta sembahyangku isih bolong luwih saka siji nanging kula nyuwun sanget, dhuh Gusti paringana ingsun sedina wutuh tanpa merem, tanpa sayah, tanpa ngelih, tanpa ngelak, tanpa swara-swara kuwi kang banget mbrebegi kuping iki

nalika ingsun nyerat gurit (panyuwunan) iki

Advertisement

Mojokerto,2016-2022

4/ Suryakantha ing Sidomukti

marang salembar sidomukti bocah kuwi uluk salam; “Kowe nggoleki sapa, Le?” sacuwil pitakon mletik saka lathi sidomukti. “Suryakantha. Kula pengin madosi ibu kula,”

atine bocah kuwi kang kebak tatu pranyata wus pulih

Mojokerto, 2022

5/ Kelangan Landhep

sakala sakehing kahanan ajeg lumaku kaya ngono kembang karuk kutah tanpa mendung udan sumrambah tembok kamar njilma pabaratan panjangka katuweg supata ligan

saiki sliramu uga mangkono nelasake dina-dina binarung swaraning napas tuwa sayang, tanpa kinanthi saya landheping panggraita

Mojokerto, 2022

Anjrah Lelono Broto, lair ing Jombang lan samenika cumondok ing Trowulan, Mojokerto. Wiwit SMA ajar nyerat esai, cerpen, uga puisi kang asring kapacak ing media massa lan online (abasa Indonesia lan abasa Jawa). Sawetara seratane klebu jroning buku antologi bebarengan. Dene buku seratane yaiku; Emak, Sayak, Lan Hem Kothak-Kothak (kumpulan crita cekak, 2015), Nampan Pencakan (antologi puisi, 2017), Permintaan Hujan Jingga (antologi puisi, 2018), lan Kontra Diksi Laporan Terkini. Naskah teater anggitane kang asesirah Nyonya Cayo kapilih minangka Nominasi Pilihan jroning Sayembara Naskah Lakon Dewan Kesenian Jawa Timur 2018. Nate kacathet minangka undangan Kongres Sastra Jawa III (Surabaya, 2011), Kongres Sastra Jawa IV (Yogyakarta, 2016), Muktamar Sastra Nasional (Situbondo, 2018), panelis jroning Kongres Budaya Jawa II (Surabaya, 2018), lan peserta Musyawarah Nasional Sastrawan Indonesia III (Jakarta, 2020).

Advertisement
Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif