Langganan

Geguritan Eko Wahyudi Merapi

by Newswire  - Espos.id Jagad-jawa  -  Minggu, 11 Juli 2021 - 21:56 WIB

ESPOS.ID - Para pengendara menerjang banjir yang melanda kawasan Simpang Lima Kota Semarang, Selasa (23/2/2021). (Semarangpos.com-Imam Yuda S.)

SIMPANG LIMA 1 Tebane pancen winates Pandulu iki kudu marikelu Saben-saben noleh anane mung nggrantes Sebab kudu kebentus gedhong-gedhong kaku

Pangajabku kapang iki tetep pikoleh traju

Advertisement

April 2021

SIMPANG LIMA 2 Marang para bakul Kang katemben suka parisuka Sinambi ngracik rasa dadi ukara Apa kang luwih onjo Ing antarane bawa rasa Kinepung gedhong-gedhong manjila Tinandhingake esem guyumu kang pijer renyah Nanging jroning nala rinasa dicecamah

Advertisement

SIMPANG LIMA 2 Marang para bakul Kang katemben suka parisuka Sinambi ngracik rasa dadi ukara Apa kang luwih onjo Ing antarane bawa rasa Kinepung gedhong-gedhong manjila Tinandhingake esem guyumu kang pijer renyah Nanging jroning nala rinasa dicecamah

Marang para laku dagang Sangumu apa geneya otot bayu isih kuwagang Sila sedheku ngekep atis ngebroki sesuketan?

Guwayamu manthur ing cangkir-cangkir kopi Panas sumelete ngluluhake mendhung klawune sesanggeman

Advertisement

April 2021

SIMPANG LIMA 3 Sejatine mung sawetara jangkah Kanggo ngranggeh lambeyane tanganmu Nanging kudu kasigeg laju sedhan biru Dlamakan iki pijer dadi kaku Sabanjure klelep lambah-lambah Deres lan banjire panutuh lan kojah

Apa bener saiki jantramu wus adoh Jalaran awakku isih seneng keproh Jejogedan ing tengah-tengahing kodhok ngorek Nembangake panjerit lan panjireting kahanan Banjur kepriye nggonku kudu njenggelek? Yen laladan kabeh malih jembangan

Advertisement

Kembeng-kembeng tangis Nalika awakmu tegel nyruput kopi sinambi ngisis

April 2021

SIMPANG LIMA 4 Isih dakgondheli papan lungguhan iki Senajan wus teles kebes Nyangga banyu udan tumiba deres Merga ing papan iki Bakal dakpetung lan wiwit dakpecaki Laku bisu ngupadi dalane bali Ngliwati limang simpangan mencoki limang wektu

Advertisement

April 2021

SIMPANG LIMA 5

Dakwiyak ing saben-saben gedhong Pandhelikane bakul pecel Sing biyen kerep daksaba Ing pojokan sisih kidul wetan Titenane akeh wong pating grumbul Ngrahapi pecel sinambi guneman pating trecel

Wengi iki nyoba kepengin andhok Mincuk pecel, nyekel sate usus lan sate endhog Tempe goreng bakwan siji wedang teh botol

Ya, dakeling-eling nalika ati iki nate kecanthol Glenak-glenik ing lelimengan Simpang Lima Ngrembug tebane bumbon pawon tekane gugon tuhon Ngenani kawicaksanan kang asin legine ajeg ketriwal Mung pait lan getir sing panggah ditinggal

Geneya, wengine ora teka-teka Gedhong-gedhong iki malah tambah magrong Sunaring baskara wus dipanjering njeron senthong Bakule pecel mung kari crita lan guneman Pating cruwet pating grumbul ing kayangan Ing lapangan disuguhi thatit lan gludhug Tambah nintrimake swasana lan pageblug

April 2021

Eko Wahyudi Merapi Ngguritake prastawa ingPrasasti (2014) lan Lathi 2020), Mapan ing Kebumen

Advertisement
Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif