Langganan

Geguritan Siti Siamah

by Newswire  - Espos.id Jagad-jawa  -  Minggu, 25 April 2021 - 23:46 WIB

ESPOS.ID - Ilustrasi mayat. (Freepik)

REBUTAN MAYIT

Wis pantes diarani edan-edanan Yen mayit bae dadi rebutan Kadya bandha warisan Upyek tekan pengadilan Banjur ana sing kejiret ukuman

Advertisement

Pancen gawe miris yen mayit dadi rebutan Satengahe pageblug sing nyalawadi Banjur akeh sing padha kemenusan Pasar-pasar dadi singup nggegirisi Akeh sing banjur numpuk utang Sawise nggrogoti papan sandhang

Rebutan mayit bakal kedaden maneh Yen isih ana sing ora bisa triman Utawa ora gelem seleh sumeleh Apa maneh mituhu paugeran

Sajroning urip bebrayan Kabeh kudune njunjung kinurmatan Sing mati diopeni kanthi bener lan pener Sing kuwasa aja ngangsi keblinger.

SEMUGIH

Akeh sing padha semugih Tanpa ngukur ambegane Nganti menggeh-menggeh Banjur kapiran pungkasane

Ora preduli panas apa udan Latar omah dadi panggung ndhangdhutan Sesuke jebul diuber-uber tagihan Kamangka omahe wis dadi agunan

Urip sing becik kuwi apa jare Yen pancen kere aja munggah bale Apa maneh turu ing tumpukan kasur Dadine bolak-balik malah nglindhur

Advertisement

Pancen akeh sing seneng semugih Pamer omah pamer tedhak getih Banjur bolak-balik kewirangan Rana rene kesangkut kadurjanan

Pancen akeh sing ngaku juragan Banjur nglempuruk kurugan utang Omahe magrong-magrong ngadhepi ratan Jebul suwung ditinggal nginep ing pakunjaran.

Kandhang Rodha, 2020

PASIEN STROKE

Wong wadon kuwi durung tuwa Menawa umure lagi telu lima Nanging rina wengi turu mlumah Ngablah-ablah tanpa obah

Wong wadon kuwi pancen lara stroke Sawise kelangan kaluwargane Anak bojone minggat Omahe wis didol kanggo brobat

Sadurunge lara stroke Dheweke dodolan awake Jalaran ora marem duwe bojo Sing dikuya-kuya jare wis loyo

Advertisement

Menawa pancen wis kuwalat Tiba banjur ora bisa ngglawat Sawise saka hotel ditabrak jaran Ngathang-ngathang ing ratan

Saben ana tangga sing niliki Wong wadon kuwi mbrebes mili Arep ngomong ora metu suwarane Jalaran ora bisa ngobahke lambe.

Kandhang Rodha, 2020

NGANGGO MASKER

Jare dhokter-dhokter Kabeh kudune nganggo masker Supaya ora klenger Dirubung virus sing muser-muser

Saiki akeh sing padha gawe masker Uga sansaya akeh sing lenger-lenger Banjur sansaya akeh sing kadya kleleb Rina apa wengi bisane mung sedhakep

Nganggo masker Yen kesuwen bakal klenger?

Advertisement

 

BANJIR LAN PROYEK

Yen kali-kali sing banjir Ora bakal dadi pawarta Nanging yen ratan sing banjir Ora mung dadi pawarta Nanging uga dadi proyek

Kaya mengkono kasunyatane Persasat kebacut dadi tradhisi Saben bar wayah udan akeh pawarta Banjur akeh proyek

Banjir lan proyek Lir kadiya mimi lan mintuna Wong cilik mewek-mewek Wong gedhe pamer rodha.

Kandang Roda, 2021

 

Advertisement

BEBAYA

Bebaya tansaya nggegirisi Jalaran manungsa padha lali Marang papestene Gusti Ngoyak-oyak wektu Malah pati kang tinemu

Aja maneh wong-wong cilik Jenderal-jenderal wae bisa kecelik Nalika arep ngasorake wektu Kesusu-susu banjur kesandhung watu

Coba sawangana Ratan tansaya amba Nanging tansaya mbebayani Jalaran akeh sing lali Marang paugeran Marang keslametan

Coba sawangana maneh Omah tansaya akeh Sadawane tanggul kali Banjur padha keli.

Kandang Roda, 2021

LONGSOR

Advertisement

Tansaya akeh pawarta Gunung-gunung padha longsor Banjur ngurugi manungsa Sing kebacut lali andhap asor

Sejatine ora prayoga omah-omah Sadhuwure lemah kang miring Kejaba pancen wis pasrah Kapan wae bakal kabanting.

Kandang Roda, 2021

Siti Siamah Pandhemen Sastra Jawa, lair ing Grobogan 26 Desember 1977. Nyerat geguritan, cerkak, esai. Uga nyerat prosa, puisi lan opini mawi basa Indonesia.

Advertisement
Advertisement
Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif