Langganan

Geguritan Sri Wijayati

by Sri Wijayati  - Espos.id Jagad-jawa  -  Senin, 29 Agustus 2022 - 22:11 WIB

ESPOS.ID - Petani menabur pupuk di sawahnya di Kabupaten Batang, Provinsi Jawa Tengah, Selasa (28/6/2022). Pemerintah telah meluncurkan program Kredit Usaha Rakyat (KUR) untuk sektor pertanian dengan plafon Rp90 triliun dan telah tersalurkan Rp46,6 triliun atau sebesar 51,8% dari target. (Antara/Harviyan Perdana Putra)

Dhawuhe Pak Kyai

Kenengapa ndadak congkrah Congkrah kuwi ngajak bubrah Timbang congkrah luwih becik ngaji Quran Ditambahi amalan wiritan sholawatan sing temenan

Advertisement

Omah ing donya kuwi mung sawijine ampiran Tegese ampiran iku mung sedhela Ora langgeng kaya sing kok angen-angen Mula angudiya ngelmu lan amal kabecikan

Sejatine omahmu sing langgeng iku kuburan Iki ora meden-medeni nanging tenan Dadi piweling marang sliramu lan sanak kadang Murih padha gelem mawas dhiri saya cedhaka mring Gusti

Bantul, 26 Juli 2022

Advertisement

Subuh

Wayah subuh hawane adhem njekut Bantal guling daksingkirake Menyang pancuran kudu wudlu Ces rasa banyu kaya es Nindakake shalat subuh Netepi dhawuhe Gusti kang Kuwasa

Puji syukur marang Hyang Agung Donga shalawat mumbul tekan langit Pasrah dosa nggrantes nyuwun pangapura Ndedonga nyenyuwun marang Gusti Muga-muga kaparingan bagas kuwarasan

Bisa nindakake pakaryan Aman didohake saka alangan Rejeki sempulur barokah Katetepna iman lan taqwa Murih slamet urip ing donya Uga ing akherat sing bakal teka

Advertisement

Bantul, 16 Juli 2022

 

Endahe Esemmu

Wengi kang endah Lintang-lintang ing akasa Cahyane endah pating glebyar Endahe kerlap kerlipe lintang

Advertisement

Kepengin tansah nyawang Nadyan adoh dununge Nanging banget nengsemake Cahyane lintang wengi iki

Kadya endahe sunar netramu Kang tansah angreridhu ati Tansah gawe kangen Rasa kangenkuora bisa dakselaki

Napaki wengi kang terus lumaku Abyore lintang-lintang sinawang saya endah Ing antarane kerlap-kerlipe lintang kae Tansah katon gawang-gawang esemmu

Bantul, 15 Juli 2022

Advertisement

 

Endahe Wayah Esuk

Krasa semilire angin tumiyup Ngobahake pang-pang lan gegodhongan Sawah kang jembar ngilak-ilak Tanduran pari wis katon kuning Sedhela maneh Pak Tani panen parine

Manuk blekok mabur reruntungan Manuk emprit sajodho mabur oyak-oyakan Karo tresnane padha luru rejeki Swara kumricike banyu kali Kango ngelebi sawah sakiwa tengenne

Ing sisih wetan katon pegunungan biru Gunung Merapi katon gagah ing sisih lor Kang ora tau nyelaki janji Endah sinawang nengsemake ati

Srengenge wus cumlorot cahyane Miyak pedhut peteng kang nutupi desa Guyup rukun tandang gawe Kebak rasa tepa selira Kadang tani sengkud makarya

Advertisement

Bantul, 12 Juli 2022

 

Kepranan Marang Basa Jawa

Wong sing kepranan marang Basa Jawa Sasolahe sarwa prasaja Bisa nglungguhake tata krama Gunemane alon-alon lan nganggo subasita

Nganggo Basa Jawa ngoko utawa Basa Jawa krama Aja nganti nglarani atine wong liya Murih luhur bebudenira

Wong Jawa isih ngugemi unggah–ungguh Nengenake tepa selira Adoh saka rasa gumedhe Ngajeni marang sapadha-padha

Bantul, 26 Juli 2022

 

Sejatine Urip Iki

Mangertiya sejatine urip iki ana sing nguripi Sing nguripi ora liya ya Allah kang Maha Suci Nyawa mung siji titipan Ilahi Kapan dikersakke kabeh ora ngerti

Sing ngerti Malaikat jurupati Mula sedulur aja padha kemlinthi Urip ing donya ya mung sedhela Ora ngerti saiki tetembangan mengko siaran

Mula sedulur aja padha manut setan Sing wis ana kuburan padha tangisan Sing isih ana donya padha rebutan warisan Karo sedulur nganti jothakan ora ruh-ruhan

Bantul, 24 Juli 2022

Sri Wijayati Anggota Paguyuban Sastrawan Jawa Bantul, Paramarta. Manggon ing Kretek lor, Jambidan, Banguntapan, Bantul, D.I.Yogyakarta. Lulusan Universitas PGRI Yogyakarta. Remen nulis sastra Jawa lan Indonesia.

Advertisement
Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif