Langganan

Geguritan Sunardi KS

by Sunardi Ks  - Espos.id Jagad-jawa  -  Rabu, 3 November 2021 - 20:18 WIB

ESPOS.ID - Ilustrasi waktu atau waktu. (freepik)

Cidra

wis wiwit akeh kang dhemen cidra kaya rembulan kang dhedhelikan ing mega kaya lintang-lintang kang gething marang sumunare cahya ya wis ora apa-apa

Advertisement

wis wiwit padha dhemen cidra iki satemene panodhi apa bisa mekar lan njembarake kawicaksananmu lan jerone kesabaranmu

wis wiwit ana tandha dhemen cidra akeh kang durung kebak kedhunge jiwa isih ketara lokake daya ringkihe ati dhemen mblenjani

Jepara, 2021.

Sedulur-sedulur Sinarawedi

pawongan kang dhemen omong rada dionggrong kang satemene sepele digedhek-gedhekake kang satemene entheng digawe antep manut penganggepe kang mengkono manut simbah-buyut biyen jare: nggedebas

tansaya dhuwur pangonggronge tansaya melar-amba nggedhabyahe manut simbah-buyut biyen jare : nggedhebus

nggedhebas karo nggedhebus ruket banget jare saka keluwarga kang padha padha sumlemete

Advertisement

ana kang luwih kenceng maneh omongane senajan teteh bener pangucape nanging kerep keleru cak-cakane simbah-buyut biyen yen ngarani : plekenthang isih ana kang luwih dimantep-mantepake ing saben omongan-omongane nanging mung kerep pecothat-pecothot kanyatane simbah-buyut biyen ngarani : plekenthung

plekenthang karo plekenthung isih tunggal brayat

Jepara, 2021.

 

Wektu

wektu ora bisa digunting supaya ora tansaya modot maju supaya isih kumanan dawa umurmu apa maneh yen karepmu kanggo golek kalodhangan ngilangi dosa-dosamu

kabeh wis ana jatahe kabeh wis ana cathetan-cathetane malaekat kang kajibah pandum rejeki lan njabel pati babar pisan ora bakal bisa ngowahi

Advertisement

mula saben pecak ing laku cinathet ing dlamakanmu ing saben muna-muni kasimpen suwara-suwara iku bakal dibaleni muni pinangka seksi

Jepara, 2021.

Dina-dina

dina iki, ana dina wingi disusul dina sesuk dina iki dadi wingi bakal dadi wingenane kang suwi nganti lali

dina mbaka dina nggriwili ceblok kasentor banyu mili utawa kleyang kabur kanginan kabuncang ilang ora bakal bisa bali wis lali, wis dilali-ali

ora krasa karo dina wingi umur wis suda sedina ilang seminggu, seminggu kepungkur sesasi kepungkur, setaun kepungkur ora bisa diundur

Jepara, 2021.

Advertisement

Umur

umur wis dadi jatahku, jatahmu senajan suwene ora padha umurku lan umurmu ora krasa digrogoti dina tansaya suda

umurku lan umurmu kang wis kadhung musna dipoles apa? akeh kang padha lali kangelan nenimbang lan ninthingi

ing sandhuwure umurku lan umurmu ana kang nguladi ing sandhuwure pecak laku diantu-antu punggele jatahku lan jatahmu

Jepara, 2021.

 

Dosa-dosa

Advertisement

dosa-dosa tansah nguladi kowe-aku supaya kowe-aku keladuk ing seja kang keliru dosa-dosa tansah siyaga ing sakiwa-tengene dalan kang kowe-aku pecaki lan liwati ngglandhang ngiwa, nyeret nengen supaya wurung ing lempenge sejamu lan sejaku supaya kelangan kawicaksanan gampang nemah kaluputan

dosa-dosa tansah dhemen nyrimpeti jangkaku lan jangkahmu jangkahe kabecikan njlomprongake marang kacilakan

Jepara, 2021.

 

Paling Bener

rumangsa paling bener laler emoh diarani mbeler blebar-bleber, sliwar-sliwer

ya wis kaya mengkono iku kodrate yen diowahi malah dadi mlengse --- mengkono mau panemune

Advertisement

menclok ing borok pindhah ing mangkok ngureg-ureg ngambakake tatu rumangsa ora keleru rumangsa ora kena disendhu

Jepara, 2021.

 

Kang Prayitna

detik mbaka detik ilang mbaka sethithik menit mbaka menit lunga tanpa pamit

dina-dina musna ora nglegewa minggu keplayu nganti maewu-ewu

ing saben pungkasane taun panen getun ing kumlebate penglamun ana cuwa saka panglenggana saka sepi kang nduwa-nduwa

Advertisement

saiki ing dina-dina kang isih bisa dipecaki embuh kari sepira kang kudu dicakna

kang prayitna ing pangelik-elike dina

Jepara, 2021.

Kudu Pinter Ngrasakna

gadoh-gadoh, gadoh-gadoh ing ngendi-ngendi lagi usum saiki o, gadoh-gadoh

sing ora ana ing sakiwa-tengene tangga uga melu ngrasakna saka pawarta-pawarta kang ngumbara njumantara

gaduh-gaduh, gaduh-gaduh ora gelem wisuh rusuh – trenyuh

gaduh-gaduh, gadhuh-gadhuh mrajak gadho-gadho, gadho-gadho ing jakarta kethoprak

o, nar, nar! kepriye? ayemmu ora jamak amemmu ora sanak saben esuk mung ngerek manuk kalungan andhuk

o, apa ora ngerti angin cepet ngusung mendhung yen kututmu kudanan ora gelem manggung

o, gadho-gadho, gadho-gadho campur-campur kudu pinter ngrasakna supaya wicaksana

Jepara, 2021.

 

Sunardi KS, penggurit saka tlatah Jepara, buku kumpulan gurite Wegah Dadi Semar (2012)

Advertisement
Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Kata Kunci : Geguritan Puisi Jawa
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif