Langganan

Geguritan Sus Hardjono

by Sus S. Hardjono  - Espos.id Jagad-jawa  -  Selasa, 28 Desember 2021 - 23:34 WIB

ESPOS.ID - More than just publish.

Bang Esuk

Esuk-esuk uthuk-uthuk Jagone kluruk Srengengene nyunar Bang bang wes rahina

Advertisement

Para kadang tani Padha menyang sawah Laku guru swarane Ngebaki dalan

Para warga kampung Ngusungi tetanen Para damen damen jare kandhane kanggo Aran wong cilik

Wes ambyur ing palagan Sawah Swara srak srek Tangga tangga olehe nyapu latar Bakule blanjanan wes mapak

Gawa sak warunge ana ing bronjong Kembang lan tetanduran Mesem guyu ora ana kang ganggu Ocehan manuk, kupu mencok ora ana sing ngruda Kabeh manggon papan dhewe

Banyu Panguripan

Ngetuk Tuk ing uni saka njero bumi

Kadal, tekek, bencok, luwing, pacet, lintah, cacing, kinjeng, uler Isih turu mlungker Saba nora ganggu gawe

Advertisement

Sik ganggu gawe baliya marang asal-muasalmu Ana ing kampung urip rukun Ora padha seneng congkrah

Dadi banyu baliya banyu Geni dadiya geni Urip urup Yen mangerti endi geni endi mawa Mula balekna banyu panguripan Ben ora kadasat Kasat

 

Gurit Ampak Tumurun

Mbah Konyil Lambene komat kamit dremimil Maca mantra jupa japu Donga sapu jagad Enggal sumingkir

Bebaya aja lena aja kena goda Tetep eling waspada Kir sumingkir kir sumingkir Pagebluk pedhut

Ampak-ampak Ambar ketawang Dadi banyu baliya banyu Menyang segara Mancaka gunung dadiya gunung Dadi geni baliya geni Baliya menyang asalmu Kir sumingkir Baya lena

Advertisement

Pagebluk dhuhkitha samsara Enggal tamakna Donga sapu jagad Ing bumi baliya menyang asalmu Mbah Konyil dremimil Komat kamit maca Japa mantra Uwalana saka bebaya Anak putu sedaya Kalis nir sambikala

 

Dina Setu

Sore iki awak kaya dhitaleni dhipan Isih seneng rebahan Nonton njaba langit mendhung limengan Nanging awak ora bisa diajak menyat Mangkat Rasane aras-arasen

Apa marga iki dina Setu Awak abot kaya dibandhuli watu Kamangka sore iki aku kudu metu Nanging kok ya angel temen Dijak gumregah Menyat Nyetater Pit montor

Balapan karo udan sing wes gumandhul ana Ing ndhuwur wuwungan omah Nanging aku kudu mangkat Wit-witan Ngawe-awe Mbok enggal Selak udan Aku njranthal Lha terus apa sesambungane Karo dina Setu

Dina Setu Sore iki awak kaya dhitaleni dhipan Isih seneng rebahan Nonton njaba langit mendhung limengan Nanging awak ora bisa diajak menyat Mangkat

Advertisement

 

Adat Widi Widana

Dauping pinanganten kekalih Kadya jambe sinigar Ngrasuk hangraga sukma Gebyur ing madyaning bebanten kekalih Sarimbitan pinanganten

Pinanganten putri gandes luwes mlakune kadya macan luwe Cumlorote kadya wulan ndadari Pasuryane sumlorong kadya nyi blorong

Jalunipun kadya gusti kusuma Sesembahan sunan hamengkubuwana hanyakrakusuma

Saindengan widodari atur tedak siti Marcapada atur sembah sungkem dumateng kadya ratu lan raja

Ingkang nganthi patah sakembaran lan putri domas kang edi peni Sulistiya ing warni Kairing tembang gending kebo giro kirap pinanganten Sedaya paring dedonga lan pepuja dumateng gusti Mugi mrih salamiya Nir ing sambikala

Advertisement

Pawiwahan Ageng Mahargyan

Janur janur melengkung Kembar mayang sakembaran Wis siapke ing balai agung Gendhing Ibu Pertiwi kumelun Dhauping penganten kekalih dipun atur juru paes

Temu pinanganten Jejeran gedhang raja rung tundun Ana ing jejeran bale agung Kendhi lan alu katutup lurik Adat mecah endog lan Sesuci kang raka

Dhuh ibu bapa Ngger Upacara sungkeman Rama lan Ibu Penganten lungguh ndhodhok nyuwun pangestu mara rama ibu Dedonganipun tiyang sepuh mangestuni lampahing pinanganten kekalih Dados suluh salira

Penganten kekalih Nandur gedhang Nuwuhake wiji bebarayan ageng

 

Upacara Bubak Kawah

Advertisement

Juru bubak nyiapake uba rampe Adat bubak kawah Kangge wong mantu sepisan kudu ana acara adat bubak kawah

Wiji kawak isih kawak pengantin Wiji uwi gembili Beras kuning

Juru bubak Titah Gusti ngayahi wajib mantu sepindah Nalika Taksih jaka kumala kumpul prawan sunti Angganda lan rasa

Pinaringan wiji sejati Wiji wijining manungsa saking suwarga Maturunaken dateng mayapada jangkep sesasi maya maya Banyu patang prakara Patang sasi limang sasi si jabang gono nedi kupat lepet rujak bentis cengkir gading pelem tali jiwa idam idaman gesang manungsa

Gadhung gulur Ngancik nem sasi sampun wujud manungsa Asulur asma agadang rikma Lung lung gadung rambatan gunung Gadhung walur wong liya dadi sedulur

Lajeng pitung sasi tingkepi Padusane sednadng pancuran Ancik ancike watu gilang

Wolung sasi ngungak telenging samudera Ada bokor kencana ana kendaga kencana Isinipun raga sejati lan suksma sejati Sangang sasi jabang bayi pingin padhang hawa

Advertisement

 

Bukak Kuali

Sak kawak-kawake kuali tutup Isih kawak sri pengantin sekalian Sekar kuncup sak menika megar Bubakan kawah

Bikak tetanen boten enten kalising samubarang Isen-isen Niat ingsun bukak Kuali tutup Lumbung gadhung Kabukak

Gabah kawak Sak kawak-kawake taksih kawak pengantin

Taksih anak pengantin sekalian Tela lan kenthang Sak kawak-kawake kenthang taksih kawak pengantine

Uwi gembili Taksih kawak pengantin sekalian Jagung kawak Bili kawak gadhung waluh kawak Kebak mencep kaworan donga slamet Tetedhan opak criping jadah jenang tape Sak kawake tetedhan taksih kawak pengantin sekalian

Bukakan kawak Donga slamet

Sun muji muji Donga tolak balak

Kabar Duhkita : Didied

Ana layon kelayung layung Swarane wong sing lagi nandang sungkawa

Baline ora kandha kandha Agawe nrataping nala

Banyu mili netes eluh Dhuhkita Praptaning layon marang pangkuanipun Gusti Mugiya dipun jembaraken kuburanipun

Gusti Sinten malih ingkang marak sowan Sak kumleyangipun godhong asem

Sampun dados dalan pepesthinipun Mugiya pun apura sedaya salah lan dosa

Sak dereng jenasah pun leremaken ing astana pralaya Sanak sederek Bukak pethi kang pungkasan

Sung tindak sare ing dalem agung Ing parengkuhanipun Gusti

Sus S. Hardjono lair 5 Nopember l969 ing Sragen. Nulis puisi, cerpen lan geguritan, uga novel, wiwit isih dadi mahasiswa. Maneka warna karyane kapacak ing saperangan media ing tlatah Yogyakarta lan Jawa Tengah. Aktif ing Aliansi Peduli Perempuan Sukowati (APPS), Yayasan Indonesia Sejahtera (YIS) Solo, Yayasan Darmakumara Solo (Yayasan Pengembangan dan Pelestarian Kebudayaan Jawa), ing KPPS, Mansaceria, Teater Gatra, lsp. Tahun 2017 nampa pahargyan Guru Peduli Sastra saka Balai Bahasa Jawa Tengah.

Advertisement
Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif