Langganan

Geguritan Susanto Sagipah

by Newswire  - Espos.id Jagad-jawa  -  Sabtu, 19 Juni 2021 - 23:25 WIB

ESPOS.ID - More than just publish.

SAKWISE AYANG-AYANG Ing Ngisore Wengi Padhang Rembulan Pitakonmu ngenani sapa sing njalari petenge sesawangan. Sakwise ayang-ayang disampurnakake dadi peteng ireng Ing ngisore dhapuran pring Diupakara lan uga dijak gegojegan dening cahya padhang Ing saben wektu Kahanan dadi mung sakderma cangkriman lan batangan Ngowoh ndomblong panyawang kosong Ing kahanan sepi tansaya lali isi

Sakwise ayang-ayang Wewujudan sumingkir tumuju ing garis pinggir Kabeh panggonan saiki dikebaki Barang-barang setengah mati, sekarat mati lan barang mati Uga barang-barang separo dadi Dheweke banjur rumangsa kelangan Ing saben wektu mung tetembangan barang-barang Tilas Barang-barang sing wis ora kanggo Saben wektu kepingin ketemu marang barang-barang sing wis ora payu Barang-barang wis mambu Tansah kelingan marang apa-apa sing wis dilalekake lan sebagean malah wis dibuwang Adoh saka panyawang Pepeling lan wis ditulis mawa tenger barang wis ilang ing suwalike kahanan peteng

Advertisement

Sakwise Ayang-ayang Isih ana panggonan liya kanggo bali marang kahanan sarwa padhang Sakwise ana barang sing ilang lan durung ketemu Akeh wong padha alok kelangan wewujudan Rupa kedhokku isih wae nyogok thuntheng TILAS Kaesrengenge Ngelingake marang godhong garing Tilas ketiga isih cumithak ing warna kuning Kae udan; ngelingake marang trubus-e godhong ijo Tilas rendhengan isih katon cetha ing warna pesenan Sisane campuran kuning lan ijo Nyisakake godhong kuning Woh cilik gepeng aking Kemleyang tiba ing lemah nela Pancen mung tilas; Mung sisane mangsa Sing wis kadaluwarsa

MUNG UKARA Wis ping pira sliramu kandha Arep mara; Nyethakna rasa Tresna Sing nganti saiki durung tau mbokucapna Dadi ukara Amarga nyatane sliramu malah nyandhing wong liya

Advertisement

TILAS UDAN Tilas udan isih cumondhok ing kene Ing lurung tumuju kampung Nalika langit ketutup mendhung Apa-apa sing ning ndhuwur sirah Kepingin dadi caping, topi, kethu utawa payung

NUNUT Teles iki duweke rendhengan Garing iki duweke ketiga, nanging kabeh ana sing nyekseni Tut Wuri Handayani Kari gumantung marang angin, dadine: Nerusake lakune teles nunut udan Kepingin garing nunut ketiga Dikancani srengenge rina Ngubengi bunderane donya Nganti enteke dina

Advertisement

Susanto Sagipah Sutresna Sastra Jawa dedunung ing Jl. Kol. Sugiyono GBKT No. 8 RT 006/RW 002 Ds. Winong, Pati, Jawa Tengah Nguri-uri Komunitas Sastra Asem Jawa Winong Pati

 

Advertisement
Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif