Langganan

Geguritan Susanto Sagipah

by Susanto Sagipah  - Espos.id Jagad-jawa  -  Minggu, 6 Maret 2022 - 23:18 WIB

ESPOS.ID - More than just publish.

Singget

Iki omah tinarbuka Gampang disawang saka njaba Siyaga nampa tamu Mardika kanggo urip bebarengan ing donya Mangan turu bareng simbah, bapak, ibu, anak, mantu lan putu Panggonan anak putu gemrayah padha dolanan Sinau angon wektu Sinau mbagi wektu

Advertisement

Esuk-esuk ngekum sandhangan Cecikruk karo unthuk Mangkat awan njereng kumbahan Teles ginaringan tembang srengenge pasuryan Langit Kahanan Kados makaten jembaripun dina pasugatan Wiwit esuk nganti dumugi korine dalu sing kinasihan wiramane wektu Kapantha dadi telung bageyan Cathetan padinan

Iki omah Ruwang jembar ginelar Senthong lan kamar cukup diwatesi garis ing njero pikiran Bata, pasir, semen, kayu utawa papan mung sakderma rerenggan lan paesan Dudu singget sing nuwuhake tatu pingget ing kulit janget

Advertisement

Sisa Cahya

Suwe ora katulis jenenge ing panase srengenge

Advertisement

Dheweke wis trima amarga tangine kerinan Ora apa-apa Isih ana dina sakwise iki Kanggo ngenteni cahya padhang saka wetan Senajan cendhela wis ketutupan omah gedhong magrong-magrong kanthi lampu sing mencorong Dheweke wis trima nampa sisa cahya sing mung satleraman Kesapu tekane awan Ora apa-apa Isih ana dina candhake

Wiwit saiki nembang macapatan kinemulan ayat-ayat suci sing nylempit ing gurit titi wanci Dheweke wis sumadya ngenteni sisa cahya nganti enteke wengi kanggo mapag tekane dina sesuk Sing luwih wutuh ing gegemane Subuh

 

Pangumbaran

Dalan-dalan tansaya rame senajan isih ajeg Rata lan grogalan Lenceng lan menggak-menggok Nanging dheweke wis legawa nampa lan ikhlas diliwati Uga diendhegi Diparkiri Diampiri

Kala-kala ing sisih tengen lan kala-kala ing sisih kiwa Stop! Mandheg! Bengoke penumpang

Lungamu menyang papan sing tumuju wis cinathet ing wektu sing ora beda Padha Dadi mung kari mlaku ngono wae Mula gek ndang mangkat Yen perlu separo mlaku separo mlayu-mlayu Rada rikat sethithik Mumpung isih kuwat ngangkat syahadat lan ayat-ayat sarta kahanan durung patiya akeh ngalami owah-owahan Isih padhang Pandeleng isih bisa nyawang bebaya sing teka saka kadohan

Awan ana srengenge Wengi kala-kala ana rembulan Yen udan kala-kala langit dadi tansaya endah rinengga saplengkung kluwung Yen peteng wis ana lampu gaweyan sing sumadya madhangi dalan liwatan lan gang-gang buntu tanpa aran

Supaya kabeh sing mlaku slamet ora cilaka Ora katut melu dadi korban Saben pojokan wis dipasang rambu pengetan Pesen keslametan Apa sing kurang?

 

Angok

Telulas meter sakwise ketiga dina kaping telung atus sewidak lima Ketemu ing dhasare tlaga gaweyan Kelem ing kahanan sarwa garing

Kahanan sing netesake warna kuning ing lembarane godhong Garing sakdurunge lan sakwise srengenge Ing kene Thukul suket gatel campur tanduran tanpa aran Ijo pulasan natoni sesawangan ing saben panggonan Ngarep omah tutupan Rinengga sapu sada kuwalik Lombok, trasi, brambang abang tumancep ing pucuke sada Sega buceng ngundang udan “Ethok-ethok sambat kadhemen nalika mung kegrimisan!”

 

Ndumuk Watesku

Sakwise ayang-ayang disampurnakake dadi peteng ireng Diupakara dening cahya padhang Kahanan dadi mung sakderma cangkriman lan batangan Ngowoh ndomblong panyawang kosong Ing kahanan sepi tansaya lali isi Wewujudan sumingkir tumuju ing garis pinggir sing saiki dikebaki barang-barang setengah mati Durung mati lan barang mati Uga barang-barang separo dadi Wewujudan wis salin sandhangan Dalan-dalan sing biyasane diliwati dadi sepi Suwung sing mbangeti Rasa blereng ngiring-iring panyawang samar Sadawane laku kemul pitakonan Nganti tekan endi lelakon iki? Playune wewayangan padhang ngetan Wewujudan peteng ngulon parane

Sakadoh-adohe Sakkesel-kesele Ngetut lakune srengenge Sikil mecaki impen sing durung nate ketiban udan minangka wewengkon teles O, ana sapletik titik ireng ndumuk watesku Aduhku ngrintih Wewujudan ketiban cahya putih Mblerengi Ana titik kelangan warna ireng nalika ditarik garis lenceng Nanging tetep kepingin ngadoh saka garis mlengkung Mengisor utawa mendhuwur Vertikal marang apa-apa sing tunuju langit biru Biru sing ngresiki warna klawu

 

Susanto Sagipah Sutresna Sastra Jawa dedunung ing Jl. Kol. Sugiyono GBKT No. 8 RT 006/RW 002 Ds. Winong, Pati, Jawa Tengah. Nguri-uri Komunitas Sastra Asem Jawa Winong Pati

Advertisement
Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Kata Kunci : Geguritan Susanto Sagipah
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif