by Redaksi - Espos.id Jagad-jawa - Minggu, 30 Agustus 2020 - 23:38 WIB
Duk ing Uni
duk ing uni
alam lan saisining bumi
subur makmur gemah ripah loh jinawi
lemah subur
mesthi thukul apa wae sing ditantur
nyebar wiji mesthi dadi lan sempulur
diopeni kanthi penuh rasa syukur
ngupakara sakeh ama dimen kabur
panen derep lumbung penuh tandha makmur
mangsa labuh mareng rendheng isih temata
among tani dagang layar misaya mina
nambut karya emut mring pranata mangsa
olah lemah ngupakara tegal sawah
tani utun panenane turah-turah
gemah ripah sandhang pangan sarwa murah
ati bungah muji syukur marang Allah
Jaman Saiki
kahanan alam jaman saiki
beda karo duk ing uni
gemah ripah loh jinawi
mung dadi ucap lan uni
trekahe wong ora dunung
tumindak digang adigung
njarah rayah alam sawegung
mbabat alas ngrusak gunung
ngrampok jagad saisine
ngrusak alam sageleme
mung mburu butuhe dhewe
datan ngetung akibate
pawadan modernisasi
mbangun pabrik ngolah produksi
ngrusak alam nyebar polusi
merga pokaling manungsa
panas rendheng ora cetha
petungan pranata mangsa
owah rusak tan temata
kahanan sangsaya sangar
nandur gagal panen cabar
lemah subur dadi cengkar
Bedog, 15 Februari 2020
Kareben Lestari
yen kahanan alam mangkene
njur kepriye tembe mburine?
apa sing bakal dakwariske?
marang anak putune dhewe
aku kowe kudu emut
mumpung durung kebacut
ayo dha cancut gunregut
tandang gawe kanthi sengkut
mumpung durung kebanjur
ngolah lemah dimen subur
disregep padha nenandur
bareng nggayuh adil makmur
alas sing gundhul dhek wingi
ayo gek ndang ditanduri
kareben alam lestari
gemah ripah loh jinawi
Bedog, 15 Februari 2020
Dadya Pepeling Wigati
pepeling prahara Turi……….
tandha alam pranata mangsa
tansah bisa disurasa
mangsa rendheng lan ketiga
etungane wis cetha
sasi iki mangsa rendheng
geneya kowe kapiadreng?
rikalane mendhung peteng
meksa karep mburu seneng
geneya jemuwah wingi
tanggal selikur Februari?
murid-murid kodhawuhi
gladhi jurit nyemplung kali
dumadakan banyu teka
nempuh nerjang para siswa
ana sing nandhang cintaka
ana uga kang pralaya
ayo bareng munjuk donga
sing lara antuk usada
sing tiwas antuk ngapura
ginanjar mulya ing swarga
muga kadadeyan iki
dadya pepeling wigati
gladhi latih olah dhiri
dipenggalih kang permati
Turi, 21 Februari 2020
Ilang Istimewane!!!
bok menawa pengaruh zamane
kuthaku owah kahanane
beda biyen lan saikine
geseh slogan lan semboyane
Yogyakarta Berhati Nyaman
Bersih Sehat Asri lan Nyaman
dinayan ombyaking zaman
saiki njur ora nyaman
seporter ora sportif
tindak tanduke negatif
omong kasar seneng misuh
timindak nasar gawe rusuh
saya prihatin lan sedhih
pelajar dha dhemen klithih
nyerang tanpa welas asih
tumindak tan dipenggalih
yen tetep kaya mangkene
ora enggal dirampungke
datan nyaman kahanane
lan ilang istimewane!!!
Babarsari, 24 Februari 2020
*Yohanes Siyamta
Pandhemen Sastra Jawa, mapan ing Ngayogjakarta