Langganan

Meper Hawa Nepsu Kanggo Nuju Kamulyane Jiwa

by Ahmad Hartanto Jibi Solopos  - Espos.id Jagad-jawa  -  Kamis, 19 Juli 2012 - 09:12 WIB

ESPOS.ID - Ilustrasi (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Nglakoni pasa bisa dadi salah sijine laku kanggo meper hawa nepsu. Pasa bisa dilakoni ing Sasi Pasa, nanging ing masarakat liyane, pasa uga bisa dilakoni ing sasi-sasi liyane minangka  salah sijine jinis laku. Laku pasa tumrap wong Jawa kanggo ngendhaleni hawa nepsu lan bisa dadi dalan kanggo tumujuning manungsa kang mulya ing donya lan alam baka.

Advertisement

Miturut Pangarsa Institut Javanologi Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, Sahid Teguh Widodo, pasa wis ana lan dadi salah sijine laku kanggo meper hawa nepsu ing tlatah Jawa. Nalika para sodagar saka Gujarat kang nyebar agama Islam durung teka ing Jawa, laku pasa wus dilakoni wong Jawa kanggo meper hawa nepsu. “Ing piwulang Jawa, meper hawa nepsu wus ana. Jinise maneka warna. Cegah dhahar kalawan guling. Ing Jawa yakuwi sumbere nikmat ora ing kasil, nanging ing proses utawa lakune,” ujare Sahid, Senen (16/7).

Meper hawa nepsu iki ateges upaya kanggo ngapikake kapribaden lan solah bawane manungsa lan ing ngarsane Gusti Kang Maha Kuwasa. “Nepsu kuwi sumbere saka panca indra, mula meper hawa nepsu kuwi uga ngendhaleni panca indra. Mripat ora kanggo ndeleng kajaba sing becik, tangan ora kanggo nyilakani wong liya. Ora mung ora mangan ora ngombe, nanging uga ora nglakoni laku kang ora becik,” kandhane.

Advertisement

Mula, pasa kuwi luwih apik yakuwi bisa meper nepsu mangan lan ngombe, uga nepsu ngomong sing ala, ndeleng sing ora becik lan liya-liyane. Mula ora salah yen ana sing ngomong makmur lan slamet utawa remuke donya kuwi gumantung ing meper hawa nepsune manungsa. “Meper hawa nesu kang tingkatane luwih dhuwur yakuwi tapa ngrame. Tapa ngrame pancen paling angel dilakoni, amarga wektu nglakoni ora manut karo sasi, nanging ing sakben dina ing uripe.”

Tapa ngrame kuwi yaiku bisa ngendhem tumindak ala nalika urip. Mati sakjroning urip. Sakben teka gegodha supaya melu ing tumindak ala, dheweke kuwat ngendhaleni nepsune kasebut. Tapa ngrame pancen angel dilakoni, nanging kuwi ora bisa dadi alesan. Manungsa kudu bisa nglakoni tapa ngrame sakuwat-kuwate supaya bisa mulya lan selamet ora mung ing donya, nanging ing alam baka.

Advertisement

Konsep Jawa kuwi, aku precaya wus akeh kang dijupuk saka ajaran Islam. Contone konsep urip ing alam donya. Wong mati kuwi diarani mati mung karo wong urip. Sejatine, wong mati mung pindhah saka alam donya ing alam liyane. Mula, meper hawa nepsu kuwi wigati  supaya bisa dadi manungsa kang utama lan duwe jiwa kang resik lan becik. Nalika roh isih ing njero raga, gegodha supaya ngelakoni tumindak ala.

Advertisement
Is Ariyanto - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif