Langganan

Merti Bangsa kanggo Ngelingi Yasane Pahlawan

by Damar Sri Prakoso Ni’matul Faizah  - Espos.id Jagad-jawa  -  Selasa, 30 Agustus 2022 - 14:34 WIB

ESPOS.ID - Anggota Kodim 0724/Boyolali lan warga masarakat ngresiki patung Soekarno ing Alun-alun Kidul Kabupaten Boyolali, Selasa (9/8/2022), sajroning adicara Merti Bangsa. Adicara iku kanggo ngelingi yasane para pahlawan kang merjuwangake kamardikan Indonesia. (Istimewa/Kodim 0724/Boyolali)

Esposin, BOYOLALI -- Kodim 0274/Boyolali, Selasa (9/8/2022) kepungkur, ngadani adicara Merti Bangsa. Atusan wong padha melu nyengkuyung dicara iki, kayata saka anggota Kodim, Polres Boyolali, lan warga masarakat liyane.

Dandim 0724/Boyolali, Letkol (Arm) Ronald Siwabessy, mratelakake Merti Bangsa dileksanakake ing saperangan panggonan kayata Alun-alun Kidul Boyolali lan Taman Makam Pahlawan Ratna Negara Boyolali.

Advertisement

"Adicara Merti Bangsa iki awujud kegiyatan resik-resik patung Soekarno, patung Jenderal Sudirman, patung Jenderal Ahmad Yani, lan resik-resik Taman Makam Pahlawan," ujare Dandim ing Alun-alun Kidul Boyolali.

Miturut Dandim, adicara Merti Bangsa digagas awit rasa prihatine marang kahanan ing jaman globalisasi iki. Akeh kawula mudha kang wus padha nglalekake yasane para pahlawan. Kegiyatan iku uga dileksanakake kanggo mengeti Hari Ulang Tahun (HUT) kaping-77 Kemerdekaan RI kanthi irah-irahan Pulih Lebih Cepat, Bangkit Lebih Kuat.

Advertisement

"Mulane aku sakanca nggagas adicara Merti Bangsa iki karepe supaya para kawula mudha padha eling lan ngrumangsani manawa uripe kita kabeh iki, nganti 77 taun iki bisa ngrasakake kamardikan ora liya amarga yasane para pahlawan kang wus ndhisiki kita kabeh," ujare Dandim.

Bupati Boyolali, M. Said Hidayat, kang liwat Alun-alun Kidul uga nyelakke mampir lan rembugan karo Dandim. Bupati banjur nakokake tegese Merti Bangsa.

Advertisement

"Dandim nerangake Merti Bangsa iku kegiyatan kanggo nuwuhake rasa resiking jiwa lan wusanane uga nuwuhake rasa tresna mring bangsa tanpa nglalekake yasane para pahlawan kang wus mujudake kamardikane Indonesia," ujare Said.

Piyambake ngajab kegiyatan Merti Bangsa iki uga bisa nggugah rasa lan pamikirane para kawula mudha Boyolali manawa kamardikan iki ora bakal ana tanpa yasane para pahlawan bangsa.

Advertisement
Damar Sri Prakoso - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif