Langganan

Mindhah Jejering Hawa

by Redaksi  - Espos.id Jagad-jawa  -  Kamis, 19 Juli 2012 - 09:09 WIB

ESPOS.ID - Iqbal Wahyu Purwito,Pengurus Paguyuban Metri Budaya Jawi Melathi Surakarta

Hawa nepsu wus dadi sawijining titah tumrap manungsa sajroning urip ing alam donya. Manawa manungsa bisa meper lan ngendhalekake kanthi apik, hawa nepsu bakal mupangati tumrap awake dhewe lan lan wong liya utawa masarakat. Nanging suwalike, nalika manungsa ora kengguh ngolah hawa nepsune, tundhone bakal nemahi tuna uripe ing alam donya lan akherat, sarta bisa gawe rusaking bebrayan. Ing pamawas Jawa, hawa nepsu kaperang saka tembung hawa lan nepsu kang dununge ana ing rasa lan jiwa. Hawa ngemu teges rasa wegah nindakake sakabehing laku kang tumuju marang sipat taat marang Gusti Allah. Dene nepsu bisa ditegesake minangka krenteg nindakake laku kang asipat ala. Mula hawa nepsu kudu diperdi supaya pener lan bener, kanthi laku transformasi (mindhahake) jejering hawa marang nepsu lan nepsu marang hawa. Ancase, tuwuhing rasa wegah utawa abot nalika arep nindakake parentah Gusti Allah kudu enggal dipindhah menyang jejering nepsu supaya malih dadi rasa wegah nindakake laku ala. Mangkono suwalike, tumungkule krenteg nindakake laku ala kudu enggal disuntak marang jejering hawa, ing pangajab bisa dadi krenteg nindakake samubarang parentah Gusti lumantar pranatan agama. Cara transformasi kaya mangkene ing kabudayan Jawa  ngemu teges meper kridhaning hawa napsu, kaajab bakal gawe ngrembakane krenteg utawa semangat nindakake sakabehing parentah Gusti Allah.

Advertisement

Wong Jawa duwe maneka cara anggone meper hawa nepsu. Ing antarane kaya dene laku mupus tuwuhing hawa nepsu kanthi laku tapa brata, minangka lelaku manunggaling kawula gusti. Dene kang asring ditindakake masarakat Jawa kanthi cara nyuda hawa nepsu kanthi laku ngurang-ngurangi (tarak brata) utawa cegah dhahar klawan guling, wujude ngurangi mangan, ngombe lan turu. Mula wong jawa ana sing nindakake laku pasa mutih, ngasrep (nyirik uyah), ngrowot, lan sapanunggale. Tarak brata mau banjur ditingkatake sinartan laku prihatin utawa kang diarani mesu brata. Kajaba iku, wong Jawa anggone meper hawa nepsu uga kanthi nindakake pasa. Laku pasa ing budaya Jawa ana sing asale saka kebatinan sarta pengaruh ajaran sawernaning agama kang sumebar ing nuswantara. Kaya kang wus kawuningan, pasa uga katindakake dening umat kang ngrasuk agama Hindu, Buddha, Islam lan Kristen. Ana ing ajaran Hindu laku pasa katindakake nalika dina Nyepi, dene ajaran Buddha kanthi pasa vegetaris (mligi dhahar jinis sayuran), umat kristiani nindakake pasa minangka tandha prihatin ngawuningani kahanan ing jaba/masarakat, lan sapiturute. Ing ajaran Islam, ana pasa wajib (pasa Ramadhan kang wektune wus ditemtokake, uga pasa nadar jalaran kasil nggayuh kajate) sarta pasa sunnah (pasa Senin Kemis, Syawal, Daud, lan liya-liyane). Inti sakabehe pasa ora liya kanggo meper hawa nepsu kaya kang wus kaandharake ing dhuwur mau. Ancase ora liya manembah marang Gusti Allah, sarana nyaketake dhiri lan taat marang sakehing parentah Gusti. Mula, hakekat pasa satemene ora amung nyuda mangan, ngombe lan turu wae, ananging uga nahan hawa nepsu liyane, kalebu pandulu kang bisa nuwuhake krenteg utawa niyat nindakake maksiyat, pangandikan sing ora migunani kayadene ngrasani cacat utawa alane wong liya, pamireng babagan sing kurang becik lan njalari laku dosa, lan sapiturute. Pasa minangka meper hawa nepsu uga dadi sarana ngladhi jiwa supaya tambah sabar lan kuwat nampa sakehing pacobane urip kanthi kebak rasa sukur marang Gusti Allah. Mulane nalika nindakake pasa, pikiran lan batin kudu melu pasa amarga sanajan ora kasat mata tumrap manungsa nanging Gusti Allah mesthi pirsa sakabehing isi pikiran lan atine manungsa.

Meper hawa nepsu satemene bisa ditindakake sapa wae kanthi bebarengan wektune nalika ing sasi Pasa kang wus caket iki. Andharane mangkene, ing sasi kasebut umat Islam padha nindakake pasa Ramadhan minangka kuwajiban ibadah, dene masarakat sing ora ngrasuk agama Islam uga bisa nindakake “pasa” minangka sarana meper hawa nepsune sajroning sasi Ramadhan, kanthi cara ngurmati umat Islam sing lagi pasa. Mesthi wae anggone “pasa” ora kaya umat Islam nanging kanthi laku ngurmati, kayadene ora mangan utawa ngombe kanthi sengaja ing sangarepe sing lagi nindakake ibadah pasa, tansah njaga perasaane utawa ora nindakake babagan kang bisa njalari emosine umat sing lagi pasa, satemah ora gawe batal pasane. Laku ngurmati kaya mangkene kalebu laku meper hawa nepsu amarga gegayutan karo laku ngendhaleni batin lan pikiran, satemah dadi sarana gladhen kang mupangati tumrap dhiri pribadhine dhewe-dhewe.

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Is Ariyanto - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Kata Kunci : Jejering Hawa Mindhah
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif