Langganan

Nalika Abimanyu Milih Tatu Arang Kranjang

by Ahmad Hartanto Jibi Solopos  - Espos.id Jagad-jawa  -  Kamis, 12 Juli 2012 - 08:36 WIB

ESPOS.ID - Carita wayang Gendreh Kemasan digelar deningt Ki RNg Edy Sulistyono lan para murid Pasinaon Dhalang ing Mangkunegaran (PDMN) ing Pendhapa Suryadarsanan, Punggawan, Banjarsari, Senen (9/7/2012) wengi. (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Salah sijine pusaka budaya saka Mangkunegaran jroning carita wayang yaiku Gendreh Kemasan. Carita kasebut digelar dening Ki RNg Edy Sulistyono lan para murid Pasinaon Dhalang ing Mangkunegaran (PDMN) ing Pendhapa Suryadarsanan, Punggawan, Banjarsari, Senen (9/7) wengi.

Advertisement

“Carita kuwi dadi pusaka utawa masterpiece saka Mangkunegaran. Gelaran ing wengi iki salah sijine kanggo menehi ilmu lan gelaran marang masarakat lan para murid,” kandhane RNg Edy.

Carita kasebut yakuwi Abimanyu kang duwe jeneng liya Gendreh Kemasan kang wus duwe garwa jenenge Siti Sundari. Nanging dheweke isih kepingin duwe bojo maneh, yaiku Dewi Utari. Kuwi amarga Abimanyu duwe wahyu cakraningrat utawa gendreh, kang kudu nyawiji karo wahyu wisayat ing njero awake Dewi Utari. “Dheweke ngaku isih perjaka, mula Utari gelem,” kandhane dheweke.

Advertisement

Nanging sakdurunge dadi bojone, Utari kandha yen Abimanyu ngapusi, ing perang Baratayudha dheweke bakal mati kena panah kaya dene kewan landhak. Abimanyu netepi janjine, sebab yen dheweke ora sida ngepek bojo Dewi Utari, ora bakal bisa nurunake turunan ratu. Dheweke luwih milih tatu arang kranjang.

Carita Gendreh Kemasan iku dadi salah sijine pusaka ing Mangkunegaran lan ing papan pasinaon kasebut, pirang- pirang pusaka dijaga supaya tetep lestari. “Pasinaon dhalang iki ngadeg ing taun 1923 dening KGPAA Mangkunegara VII, mula pasinaon kuwi mau dadi papan kanggo sinau ndhalang kang wus tuwa ing Indonesia,” jlentrehake Edy. Kajaba kuwi, pasinaon dhalang kasebut uga tetep konsisten marang upayane nguri-uri budaya Jawa, salah sijine ndhalang.

Advertisement

“Ilmu pewayangan yakuwi ilmu praktis seni tradhisi kang nuntut budi pekertine dhalang kang luhur. Ilmu kasebut bisa disinaoni sapa wae, lan bisa dijupuk piwulange utawa piwelinge kanggo tuladhane masarakat saiki,” ujare.

Mangkunegaran duwe lima pusaka carita ing pewayangan, yaiku Gendreh Kemasan, Ciptaning, Kangsa Adu Jago, Wahyu Makutha Rama lan Karna Tandhing.

Advertisement
Is Ariyanto - Jurnalis Solopos Media Group, menulis konten di media cetak dan media online.
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif